Ramawijaya
Ramawijaya utawa Ramalegawa iku putrane Prabu Dasarata
ing Ayodya. Rama iku putrane Dewi Raga utawa Sukasalya minangka prameswarine
Prabu Dasarata. Garwane Rama Putri saka negara Mantili aran Dewi Sinta, sing
dimenangake nalika ana sayembara menthang langkap (gendewa) ing Mantili.
Sawise karma, Rama lan Sinta bali menyang Ayodya,
didherekake Laksamana. Laksamana utawa Lesmana iku adhine Rama, sing lair saka
garwa asma Dewi Sumitrawati. Sedulur liyane yaiku Batara saka ibu Dewi Kekayi.
Satemene Ramawijaya minangka putra saka garwa
prameswari sing bakal dadi ratu ngganti kalengahane Ramane. Nanging nalika Dewi
Kekayi dipundhut garwa dening Dasarata duwe panyuwunan supaya putrane besuk
sing dadi ratu. Dasarata janji bakal ngabulake panyuwunane. Mula nalika
Dasarata wis sepuh lan arep misudha Rama minangka ratu ing Ayodya, Dewi Kekayi
nagih janji, supaya Barata sing dadi ratu
Rama katundhung lunga lan kudu nindakake ukum buwang ing
alas, kadherekake Sinta lan Lesmana. Njalari sungkawaning penggalihe Dasarata
lan njalari sedane. Nalika ing alas Dhandhaka, Sinta dicidra Dasamuka digawa
ing Alengka arep didadekake prameswarine, nanging Sinta ora gelem, tetep nuhoni
dadi wanitatama, setya karo garwa. Rama dibiyantu Anoman (putrane Dewi Anjani)
minangka senapati lan pamane aran Sugriwa Raja Guwa Kiskendha lan wadyabala
Wanara nglurug perang ing Alengka njaluk baline Sinta. Rama bias ngalahake
Dasamuka, nanging Dasamuka luput ing pati, sanajan dipateni bola-bali yen awake
isih ngambah lemah, banjur urip maneh, amarga duwe aji pancasona. Mula nalika
dipanah Rama nganggo panah Gunawijaya banjur ragane dibruki gunung dening
Anoman.
Ngalengka kalah, bubrah, Sinta banjur nyawiji karo
garwane lan peputra Kusa lan Lawa mapan ing kratone sing ana ing pucuking
gunung Maliawan aran Negara Pancawati. Nalika Rama paring pitutur marang Barata
sing jumeneng nata ing Ayodya lan Wibisana (adhine Rahwana) sing dadi nata ing
Alengka, wujud piwulang wataking nata kang sinebut Asthabrata. Astha tegese
wolu, brata tegese laku, tumindak. Lakuning ratu kudu duwe watak wolu.
1. Kisma (lemah)
Dadi ratu kudu murah
lan asih marang kawulane, kaya lemah kang tansah migunani tumrap uripe
manungsa.
2. Warih (banyu)
Banyu iku tansah mili
mangisor, dadi sumber panguripan, manjing ajur-ajer manut kahanan. Kaajab ratu
bisa gawe ayem, tentreming atine para kawula.
3. Maruta (angin)
Angin iku ana ing
ngendi wae, bias mapan ing papan ciyut, amba, gedhe, cilik. Karepe ratu ora
mbedakake kawulane bias momong marang kawula ing papan ngendi wae.
4. Angkasa (langit)
Ratu bisa momot prakara
apa wae kaya dene angkasa sing ora bakal kebak lan sesak kanggonan apa wae.
5. Candra ( rembulan )
Ratu kudu paring
pepadhang marang kawula sing nandhang peteng (susah atine), kaya rembulan
madhangi jagad ing wayah wengi.
6. Surya (srengenge)
Maknane manawa ratu
kudu bisa paring dana marang para kawula, tumindak adil, ora pilih asih, kaya
dene srengenge sing ora mbedakake marang sapa wae nampa sorote sing dadi
sumbering panguripan.
7. Dahana (geni)
Ratu kudu bias
nyingkirake / brastha angkara, kaya geni sing bakal ngobong apa wae, lan bakal
gawe sirnane tumindak ala ing alam donya.
8. Kartika (lintang)
Ratu kudu kukuh lan
netepi sabda, ora mencla-mencle. Sabdane kudu nganggo paugeran (aturan),
tumindak bias kanggo patuladhan, kaya lintang sing papane ora tau owah.
Ø Budi Pekerti
1. Jejering ratu /
pemimpin: kudu duwe bebuden luhur, suka / murah dedana, seneng aweh marang para
kawula lan sapadha-padha, tansah tresna lan asihmarang wong liya, tumindak lan
muna-muni trep karo kahanan, seneng aweh pitulungan marang sapa wae tanpa
mbedakake kawula lan priyayi luhur, tansah adil, njejegake bebener, wedi
kanisthan, mbrastha angkara, kena dipercaya, ora mencla-mencle pangandikane.
2. Aja cidra ing janji.
3. Yen janji kudu dipetung
ala becike, aja janji sing bias gawe cilaka wong liya.
4. Garwa lan kulawarga
kudu dibelani, yen perlu ditohi pati paribasan sadumuk bathuk, sanyari bumi.
(Jatirahayu,Mutyara Rinonce, 2002: 39-40)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar