Bedhaya
Ketawang
Bedhaya inggih
punika tari utawi beksa ingkang dipun tarèkaken déning kenya cacah sanga. Bedhaya saking tembung ambedhaya ateges nari. Beksan Bedhaya inggih punika salah
satunggaling beksa ingkang asifat sakral dipunripta déning Panembahan Senopati kaliyan Kanjeng Ratu kidul. Rikala jaman semanten tari bedhaya
punika namung dipun pagelaraken wonten lingkungan kraton kémawon lan tiyang
Jawi kraton mboten saged midhangetaken, awit tari bedhaya punika kagolong tari
ningrat lan sakral. Tari bedhaya dipunsebat tari sakral amargi tari menika
ngandhut suraos falsafah tiyang gesang ingkang agung, khususipun kagem tiyang
Jawi.
Etimologi
Tembung
bedhaya punika kapendhet saking basa Sansekerta ,
inggih punika budha ingkang gadhah makna awal, wiwitan utawi suci.
Wonten ing salebeting tari bedhaya punika kedah tiyang pinilih ingkang saged
narèkaken. Tiyang punika kedah kenya ingkang taksih prawan ingkang dèrèng
nggarap sari (haid) lan saged nglampahi sarat-sarat lelampah ingkang dipun
wajibaken sakdèrèngipun mbeksa, inggih punika lelampah spiritual kebatinan,
pasa, lan dipun pingit wonten panggènan mligi supados para paraga tari punika
siap lair batin lan kadhidhik méntal ugi kapribadhènipun.
Bedhaya Kakung
Rikala jaman semanten para
paraga tari bedhaya punika inggih
saged ugi para tiyang jaler utawi tiyang kakung kang taksih anèm lan nggadahi
wiraga kadhos tiyang putri, alus lan subasita. Tari ingkang dipun bektakaken
lajeng kasebat tari bedhaya kakung utawi bedhaya jaler alasanipun tari punika
dipun bektakaken kaliyan tiyang kakung amargi tiyang putri wonten alanganipun
inggih punika haids lan jaman semanten tiyang putri mboten angsal campur dados
setunggal yèn dèrèng palakrama. Kejawi saking punika, tari
bedhaya dipuntarèkaken ing wekdal ingkang dangu. Manawi tenaganipun mboten saé
saged andadosaken gerah utawi lungkrah. Wekdal ingkang dipunginakaken rikala
jaman semanten saged ngantos setunggal setengah jam. Pramila saking punika
penarinipun kedah pilihan.
Para paraga utawi penari cacah
sanga punika wau ngandhut suraos piyambak-piyambak, inggih punika Batak, gulu, jaja, hendel,
apit ngajeng, apit winking, wedhalan ngajeng, wedhalan wingking lan buncit.
Setunggal lan setunggalanipun mawa makna lan filosofi ingkang bènten-bènten.
Werni-werni
Bedhaya
- Bedhaya Ketawang, dhurasi tarian watawis 130
menit
- Bedhaya Pangkur, dhurasi tarian watawis 60 menit
- Bedhaya Duradasih, dhurasi tarian watawis 60
menit
- Bedhaya Mangunkarya, dhurasi tarian watawis 60
menit
- Bedhaya Sinom, dhurasi tarian watawis 60 menit
- Bedhaya Endhol-endhol, dhurasi tarian watawis 60
menit
- Bedhaya Gandrungmanis, dhurasi tarian watawis 60
menit
- Bedhaya Kabor, dhurasi tarian watawsis 60 menit
- Bedhaya Tejanata, dhurasi tarian watawis 60 menit
Tidak ada komentar:
Posting Komentar