Kamis, 26 Juni 2014

Campursari

       
      Campursari bisa diarani lelagon, sebab anggone maca utawa nembang bisa kanthi cara dilagokake (kanthi solah bawa). Campursari uga bisa wujud macapat, gendhing, langgam, lan tembang liyane. Lelagon campursari iku ora duwe aturan sing baku utawa gumathok kang mesthi bisa gawe gumyak lan seneng sing ngrungokake lan bias kanggo nglelipur ati.
       Cakepane uga prasaja lan gampang diapalake, disenengi para mudha lan sepuh, malah kepara disenengi bocah-bocah. Kang ngiringi dumadi saka gamelan (instrument tradisional) kayata kendhang, saron, demung, lan alat musik kayata gitar, bas, drum, organ, loro-lorone ditabuh bebarengan kanthi laras lan kepenak dirungokake.
      Penyanyi kang kondhang kayata Manthous, Didi Kempot, Sunyahni, Sony Joss, Cak Dikin lsp. Isine lelagon campursari bisa maneka warna, umpamane nggambarake katresnan, papan wisata, susahing ati, lelucon, lsp.

Tuladha
Yen Ing Tawang
(Bawa Sekar Macapat Sinom)
Yen ing tawang ana lintang,
cah ayu aku ngenteni,
marang mega ing akasa,
sun takon warta nireki,
janji-janjiku eling,
sumedhot raseng tyas ingsun,
nimas ingsun prasapa,
sineksenan bumi langit,
tangising tyas ngenteni padhang rembulan.

(Langgam)
Yen Ing Tawang
Yen ing tawang ana lintang cah ayu, aku ngenteni tekamu
Marang mega ing akasa nimas, sun takoke pawartamu
Janji-janji aku eling cah ayu, sumedhot rasaning ati
Lintang-lintang ngiwi-ngiwi nimas, tresnaku sundhul wiyati
Reff. Dhek semana janjiku disekseni
Mega kartika kairing rasa trena asih
Yen ing tawang ana lintang cah ayu, rungokna tangising ati
Binarungswaraning ati nimas, ngenteni mbulan ndadari.

Caping Gunung
(Bawa Sekar Macapat Pangkur)
Saben bengi nyawang kunang
Yen memajang mung karo janur kuning
Kembang wae weton nggunung
Pacitan sarwi jenang
Panas udan aling-aling caping nggunung
Nadyan wadon sarta lanang
Inumane banyu bening.

(Langgam)
Caping Nggunung
Dhek jaman berjuang njur kelingan anak lanang,
Biyen tak openi, ning saiki ana ngendi
Jarene wis menang keturutan sing digadhang
Biyen nate janji ning saiki apa lali
Reff. Neng nggunung tak cadhongi sega jagung
Yen mendhung tak silihi caping nggunung
Sokur bisa nyawang, gunung desa dadi reja
Dene ora ilang nggone padha lara lapa.

Gethuk
Sore-sore padhang mbulan
Ayo kanca padha dolanan
Rene-rene bebarengan
Rame-rame e dha gegojegan
Kae-kae rembulane
Yen disawang kok ngawe-awe
Kaya-kaya ngelingake
Kanca kabeh aja turu sore-sore
Reff. Neng nggunung tak cadhongi sega jagung
Yen mendhung tak silihi caping nggunung
Sokur bias nyawang , nggunung desa dadi reja
Dene ora ilang nggone padha lara apa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar