Layang ulem minangka salah sawijining sarana
komunikasi tutug saiki isih akeh dienggo. Layang Ulem yaiku layang kang ngaturi
rawuh marang wong kang dikirimi layang. Upamane layang ulem nikahan, supitan,
utawa syukuran. Jaman saiki ngirim layang bisa ganggo elektronik kaya
lewat e-mail, facebook, lsp ora kudu wujud kertas. Nulis layang ulem uga kudu
nggatekake EYD.
Ø Huruf
Kapital
Ø
Tandha Titik
Ø
Tandha Koma
Ø
Tandha Titik Lor
Ø Perangan Layang Ulem
1. Satata basa: perangane
layang kang nuduhake alamat lan tujuane. Kanggo sapa layang mau.
2. Salam pambuka: salam
pakurmatan marang kang dikirimi layang
3. Purwaka basa: pambukaning
layang, adat saben mung ngabarake keslametane kang kirim layang lan pangajab
sing dikirimi uga kaparingan kaslametan
4. Surasa basa/ Isi: isine
anggone kirim layang
5. Wasana basa: panutuping
layang
6. Titimangsa: papan lan
wektu anggone gawe layang
7. Peprenahan: keprenah
apa antarane sing gawe layang karo sing dikirimi layang
8. Tapak asta: tandha
tangan, tapak asma
9. Asma terang: asmane
sing gawe/ kirim layang
Ø
Tuladha
OSIS SMP NEGERI 1 BUDI UTAMA
Kanggo,
Kanca-kanca pengurus OSIS.
Assalamu’alaikum wr. wb.
Kanggo persiapan lomba maca geguritan tingkat
kabupaten, dakjaluk kabeh pengurus OSIS supaya teka saperlu rapat panitia
yaiku,
dina : Rebo
tanggal/ surya : 26 Januari
2014
wektu :
tabuh 13.00 WIB
papan :
ruang OSIS
Cukup semene, matur nuwun.
Wassalamu’alaikum wr. wb. Ketua
OSIS,
ttd
Adi
Nugraho
Bagus tapi kurang lengkap
BalasHapus