Selasa, 24 Juni 2014

Blangkon


Blangkon iku sajinis panutup sirah kanggo priya sing kagawe saka bahan kain bathik utawa lurik. Blangkon sejatine wujud modhern lan praktis saka iket. Ing busana tradhisional adat Jawa lan adat Sundha blangkon dianggo minangka pasangan karo busana beskap. (miturut Wikipedia)

Ing jaman modhern iki blangkon ana ing masyarakat Yogyakarta khususe Gunungkidul wis saya ilang saka pikiran masyarakat. Blangkon sing wis suwe dadi budaya warga Jawa iki, mulai kegiles karo topi-topi seng dadi trend ing kalangan mudha-mudhi.

Ana sawetara jinis blangkon miturut adat ing papan panggonan tinamtu. Jinis blangkon antara liya:

  1. Blangkon Sala, saka bahan bathik ora nganggo mondholan (trepes).
  2. Blangkon Yogya, nganggo mondholan.
  3. Blangkon Kedhu.
  4. Blangkon Banyumas.
  5. Blangkon Sundha, saka bahan bathik, ora nganggo mondholan.

Mondholan, iku wangun sing njendhol ing samburine blangkon, makili modhel rambut priya sing kerep dibundhel ing mburi. Blangkon modhel trepes, iku wujud sing umum blangkon gagrag Surakarta. Gaya iki minangka modhifikasi saka gaya Yogyakarta, amarga akeh-akehe priya saiki arambut cendhak. Modhel trepes iki digawe kanthi njait langsung mondholan ing bagean mburi blangkon. Saliyane saka suku Jawa , ana uga sawetara suku sing migunakake panutup sirah sajinis blangkon nanging beda wujude, yaiku suku Sundha, suku Madura, suku Bali, lan sapanunggalane. (Wikipedia)

Ing pikiranne para mudha jaman saiki, nganggo blangkon iku kaya ndadeke deweke tambah katrok, cupu, ketinggalan jaman lan sak liyan-liyane. Nanging menawa awake dhewe nganggo. Pada wae wes melu nglestarekake budaya jawa. Dadi ora ana sing jenenge wong jawa ilang jawane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar