Kamis, 26 Juni 2014

Pacelathon

      
      Basa Jawa iku duweni tingkatan tuturan utawa undha-usuk basa utawa unggah-ungguh basa. Wong Jawa menawa guneman utawa pacelathon prayogane kudu bisa nggunakake tata krama lan subasita. Pacelathon  marang wong liya iku ana tata krama utawa unggah-ungguhe basa. Unggah- ungguh yaiku sopan-santun, tata susila, tata pranataning basa miturut lungguhing tata krama utawa nggunakake basa.
       Tata krama iku ora mung kalaku ing solah bawa nanging uga ing pacelaton mau. Tata krama kang ngrembug bab pacelathon iku kang aran undha-usuk utawa unggah-ungguh basa. Unggah-ungguh basa mau kang nuduhake pribadi masyarakat Jawa. Babagan unggah-ungguh basa dibutuhake  ing jaman moderen iki wigatine para siswa supaya mangerti lan bisa pacelathon kanthi trep marang kancane uga marang wong kang luwih tuwa. Unggah-ungguh basa Jawa kabagi dadi loro yaiku ngoko lan krama. Menawa ngoko kabagi dadi ngoko lugu lan ngoko alus menawa krama kabagi dadi krama lugu lan krama alus. Ing ngosor bakal dijlentrehake bab krama lan ngoko.
Ø Ngoko
1.    Ngoko Lugu
Yaiku basa ngoko kang kadadeyan saka tembung-tembung ngoko kabeh tanpa kecampuran tembung krama apadene krama inggil. Ngoko lugu digunakake marang:
§  Kanca kang wis rumaket
§  Wong tuwa marang bocah enom
§  Pawongan kang lagi ngunandhika
Tuladha : Jaman saiki uripe wong cilik malah saya mendelik.
2.    Ngoko Alus
Yaiku basa ngoko kang ukarane kacampur antarane tembung ngoko lan krama. Ngoko alus digunakake marang:
§  Kanca padha kanca kang wis akrab nanging luwih ngajeni
§  Ibu marang bapak
§  Adhi marang kangmas utawa mbakyu uga ana anak marang wong tuwa
§  Wong tuwa marang wong enom, nanging pangkate luwih dhuwur utawa wong kang pangkate luwih dhuwur marang andhahan kang luwih tuwa
Tuladha : Bapak sesuk diaturi tindak menyang sekolah, saperlu mundhut rapotku.
Ø Krama
1.    Krama Lugu
Yaiku basa krama kang kadadeyan saka tembung krama. Krama lugu digunakake marang wong kang durung akrab utawa durung kulina bisa uga wong tuwa utawa wong enom.
Tuladha : Pak Bayu ngertos panggenane perang jaman Walanda.
2.    Krama Alus
Yaiku basa krama kang kadadeyan saka basa krama lugu lan krama inggil. Krama alus digunakake marang wong  kang diajeni.
Tuladha : Bapak ngersakaken mirsani film Bung Karno lan Bung Hatta ing bioskop.
Ø Tuladha
Pacelathon
Susi             : “Sugeng siang, Pak?”
Pak Agus    : “Sugeng siang, Nak Susi ayo pinarak mlebu! Ana apa Nak Susi?”
Susi             : “Menika Pak badhe kepanggih Wati, Pak. Menawa wonten?”
Pak Agus    : “Ana kae neng njero. Nduk, ki lho ana Susi.”
Wati            : “Nggeh, Pak sekedap.”
Pak Agus    : “Sek ya, Nak Susi. Arep ngombe apa?”
Susi             : “Mboten usah repot-repot, Pak.
Pak Agus   : “Ora apa-apa, jan-jane bocah mau lagi ngapa. Wong kancane teka kok ora lek ndang. Bapak mlebu sek ya Sus?”
Susi             : “Nggeh, Pak.”
Wati            : “Ooo, Susi ana apa Sus, kok janur gunung?”
Susi           : “Ki lho Wati, aku meh takon wulangane mau nek sekolah. Aku mau ora mangkat amarga melu lomba.”
Wati            : “Mau diwulang babagan sejarahe Indonesia merdeka utawa proklamasi.”
Susi         : “Aku mbok dikei ngerti babagan iku. Awakmu lha ya ngerti aku oran mudheng menawa babagan sing kaya ngono.”
Wati           : “Lha iya senenganmu karo angka. Ya nembe sithik diterangke sejarahe Indonesia bisa ucul saka panjajahane Walanda lan Jepang. Walanda iku njajah negarane dhewe 350 taun. Menawa Jepang mung 3,5 taun. Nanging senajan Jepang njajah mung sedelok, nalika jaman iku dirasa paling krasa sengsara. Amarga saka semangate para pahlawan lan rakyat utamane para mudha ing jaman samana, Indonesia bisa ucul saka Jepang. Indonesia bisa ucul saka panjajah Jepang sakwise Nagasaki lan Hirosima dibom karo sekutu. Lagi tutug sakmono mau. Amarga Bu guru mau tindak mirsani lombamu.”
Susi             : “Wah, ngapurane ya Ti, wis ngrepoti.”
Wati            : “Ora kok, aku malah seneng.”
Susi             : “Aku pamit bali sek ya, kayane arep udan. Assamamu’alaikum.
Wati            : “O, ya wa’alaikumsalam. Ati-ati Sus.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar