Selasa, 24 Juni 2014

Wawancara


        Wawancara yaiku sawijine cara kanggo nglumpukake katrangan-katrangan kang gumathok kanthi cara tetakon utawa pacelathon marang sumbering warta, ahli, utawa pawongan kang kagungan wenang ngenani bab tinamtu. Sumbering warta, ahli, utawa pawongan kang diwawancarani diarani narasumber.
Ø Ancase utawa tujuan wawancara yaiku :
1.    Kanggo golek kabar (informasi)
2.    Kanggo golek panemu (opini)
3.    Kanggo golek bebakalan crita
4.    Kanggo golek bebakalan biografi 
Ø Babagan kang digatekake sadurunge nindakake wawancara yaiku:
1.    Nemtokake topik wawancara
2.    Nemtokake ancase utawa tujuane wawancara (informasi kaya apa kang pengen digoleki)
3.    Nemtokake sapa kang diwawancara (narasumber)
4.    Nemtokake wektu lan panggonan wawancara
5.    Nyiapake dhaftar pitakonan kang jumbuh karo pokok-pokoke prakara kanthi pathokan, nggunakake 6 unsur pawarta yaiku 5W + 1 H. Pitakonan kang ditakokake becike ana rantamane (urutan) saengga pitakonan siji karo pitakonan liyane nyambung lan bisa dadi informasi kang jangkep.
6.    Nengenake unggah-ungguh lan subasita 
Ø Sabanjure wektu wawancara kudu nggatekake babagan kaya ing ngisor iki:
1.    Miwiti wawancara kanthi salam
2.    Nganggo unggah-ungguh kang trep
3.    Sopan santun
4.    Pandeleng tumuju marang narasumber
5.    Mungkasi wawancara kanthi agunging matur nuwun  lan panuwun
Ø Kang kudu diduweni sapa wae kang arep wawancara kayata :
1.     Kritis, peka, lan pengen ngerti.
2.    Etos kerja
3.    Sopan santun.
4.    Check and recheck
5.    Kerja kanthi rantaman wawancara
  
Tuladha 
Bambang         : “Sugeng enjang, Pak.”
Pak Beja          : “Sugeng enjang. O kowe nak Bambang. Ayo pinarak mlebu!”
Bambang         : “Inggih, Pak.
Pak Beja          : “Gasik temen, ana perlu apa, Le?
Bambang         : “Sowan kula mriki badhe nyuwun pirsa babagan sejarah lan tegese aksara                         Jawa.”
Pak Beja          : “Lha arep kanggo apa ta?”
Bambang         : “Menika badhe kagem tugas sekolah.”
Pak Beja          : “Ooo, kanggo tugas sekolah. Langsung wae ya, aksara Jawa iku
sejarahengene. Jaman biyen, ana raja ing Medang Kamolan kang aran Prabu Ajisaka nduwe abdi loro yaiku Dora lan Sembada. Amarga Prabu Ajisaka negarane wis tentrem, dheweke ngutus abdine Dora supaya nyusul Sembada kang ana ing Nusa Majedi. Prabu Ajisaka ngutus supaya Dora bisa ngajak Sembada lan nggawa pusakane kang digawa Sembada. Tekan ing Nusa Majedi, Dora ngomong karo Sembada menawa dheweke diutus Prabu Ajisaka supaya ngajak dheweke menyang tlatah Jawa lan nggawa pusakane. Nanging sembada ora gelem lan ora menehake pusakane.”
Bambang         : “Kenging menapa kok mboten dipunparingaken, Pak?”
Pak Beja            : “Amarga Prabu Ajisaka kuwi nate weling menawa Sembada diutus njaga pusakane lan aja nganti diwenehake sapa wae kajaba Prabu Ajisaka dhewe sing njupuk. Amarga padha-padha puguh karo welingi Prabu Ajisaka abdi loro mau padha tukaran lan pungkasane amarga padha digdayane kalorone padha mati kabeh. Kanggo mengeti lelabuhane Dora lan Sembada, Prabu Ajisaka nyerat ing watu gedhe minangka prasasti. Ing tulisan kuwi nyritakake kedadeyan kang dialami dening abdine lan tiwas anggone ngayahi jejibahan.”
Bambang         : “Lajeng tegesipun aksara Jawa menika menapa, Pak?”
Pak Beja          : “Tegese yaiku:
                        HA NA CA RA KA               : ana utusan
                   DA TA SA WA LA               : padha tukaran
                   PA DA JA YA NYA             : padha-padha digdayane
                   MA GA BA THA NGA         : padha dadi mayit
                   Kuwi tegese aksara Jawa Le. Bisa dijupuk piwulang saka cerita kuwi mau.
Bambang           : “Inggih, Pak. Kula sakmenika sampun mangertosi babagan sejarah akasara Jawa menika. Matur nuwun, Pak.”
Pak Beja          : “Ya, padha-padha Le. Menawa ana kang prelu ditakokake rene maneh wae.
Bambang         : “Inggih, Pak. Amargi sampun jangkep, kula badhe nyuwun pamit rumiyen. Ngapunten enjing-enjing sampun ngganggu Bapak.”
Pak Beja          : “Ora apa-apa aku palah seneng. Nak tekamu rada awan aku paling ya wis lunga.”
Bambang         : “Pareng rumiyen, Pak. Assalamu’alaikum.”
Pak Beja          : “Ya, Le. Wa’alaikumsalam.”
                                                                        Kapetik saka: Materi Basa Jawa Yudistira

Tidak ada komentar:

Posting Komentar