Upacara Tingkeban ugi
dipunwastani mitoni. Mitoni saking tembung pitu ingkang ateges angka
pitu (7). Upacara tingkeban dipuntindakaken menawi kandhutanipun priyantun
estri, yuswanipun sampun pitung sasi saha nembé ngandhut sepisan. Upacara tingkeban
punika salah satunggaling tradisi masarakat Jawa. Ancasipun kagem nepangaken
bilih pendhidhikan punika dipuntindakaken wiwit wontenipun jalmi ing kandhutan
dumugi diwasa. Sadangunipun ngandhut kathah sanget perkawis ingkang asipat saé
ingkang kedah dipunlaksanakaken dening biyungipun saha kedah nebihaken saking
perkawis ingkang boten saé. Punika mengku teges supados putra ingkang badhé
dipunlairaken dados putra ingkang saé.
Wonten ing upacara kasebat, biyung ingkang nembé ngandhut pitung sasi dipunsiram nganggé toya sekar setaman ingkang dipunparingi dedonga ingkang mligi kagem biyung saha jabang bayinipun. Donga kasebat gadhah ancas nyuwun dhumateng Gusti supados tansah paring rohmatipun saéngga bayi ingkang badhe dipunlairaken slamet tanpa wonten alangan satunggal punapa.
Wonten ing upacara kasebat, biyung ingkang nembé ngandhut pitung sasi dipunsiram nganggé toya sekar setaman ingkang dipunparingi dedonga ingkang mligi kagem biyung saha jabang bayinipun. Donga kasebat gadhah ancas nyuwun dhumateng Gusti supados tansah paring rohmatipun saéngga bayi ingkang badhe dipunlairaken slamet tanpa wonten alangan satunggal punapa.
Tata Cara Upacara Siraman Tingkeban
1. Siraman
dipunlaksanaken déning para sesepuh (priyantun ingkang dipunsepuhaken) ingkang
cacahipun pitu, kalebet rama kaliyan ibu saking ibu ingkang nembé ngandhut.
Saénipun ingkang nyirami inggih punika tiyang sepuh ingkang sampun gadhah
wayah.
2. Sasampunipun
upacara siraman, dipunlajengaken upacara nglebetaken tigan ayam kampung wonten
ing kain (sarung) calon sang ibu déning sang garwa saking padharanipun ngantos
pecah. Punika minangka simbol saha nyuwun supados bayi ingkang badhé
dipunlairaken saged lair kanthi gampil tanpa alangan satunggal punapa.
Padatanipun, bilih priyantun èstri ingkang nembé ngandhut sapisanan nglairaken
kathah godhanipun. Awit saking punika, prelu ndedonga kaslametan, utaminipun
ing wekdal pitung sasi.
3. Salajengipun
inggih punika gantos busana kaping pitu dipunrangkepi kain pethak. Kain pethak
kala wau dados dhasaring busana ingkang kaping pisan minangka pralambang bilih
bayi ingkang badhe dipunlairaken inggih suci saha badhe pikantuk rahamat saking
Gusti Allah SWT.
4. Sasampunipun
ingkang calon ibu ngagem kain pethak kaping pitu gantos-gantosan, lajeng
dipunadani adicara medhot lawè ingkang dipunubengaken ing padharanipun calon
ibu. Dènè ingkang medhot benang lawè punika inggih calon bapa nipun kanthi
ancas supados bayi ing kandhutan samangkè saged lair kanthi gampil.
5. Menawi
lawè sampun dipunpedhot, mila calon simbah putri saking pihak calon ibu,
nggèndhong kalpa gadhing dipunkancani dèning ibu bèsan. Ananging sadéréngipun,
klapa gadhing kala wau dipunlebataken wonten ing kain ingkang dipunagem calon
ibu saking nginggil liwat padharan dumugi ngandhap, lajeng dipuntampani dèning
calon simbah putri nipun. Ancas saking upacara punika inggih supados samangkè
bayi ingkang dipunkandhut saged lair kanthi gampil tanpa rubèda satunggal
punapa.
6. Rerangkéning
adicara ingkang salajengipun inggih calon bapa mecah klapa gadhing kasebat
kanthi sadéréngipun milih setunggal saking kalih klapa ingkang sampun
dipugambari Kamajaya saha Dewi Ratih utawi Arjuna kaliyan Wara Sumbadra utawi Srikandhi.
Klapa kalih kala wau dipunwalik supados ingkang bapa boten saged ningali
gambaripun kala wau. Menawi klapa ingkang dipungepuk kaliyan ingkang bapa
ingkang gambaripun Kamajaya mila bayi nipun badhe lair kakung, saha kosok
walikipun bilih ingkang dipungepuk gambar Dewi Ratih, mila bayinipun éstri.
(Punika namung ingkang dipunkaremaken kemawon, déréng mesti dados kasunyatan).
Ananging, bilih kita nyuwun kanthi saéstu dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos,
mila punapa ingkang dipungayuhaken saged kabul.
7. Sabibaripun
upacara siraman punika kalajengaken upacara milih sekul jènè ingkang mapan
wonten ing takiripun ingkang garwa. Lajeng dipunlajengaken upacara dodol dhawet
saha rujak. Anggénipun bayar dodolan nganggè logam ingkang kadamel saking
remukan gendhéng (kréwéng) ingkang dipunbentuk bunder, arupi yatra logam
punika. Asilipun dodolan dipunkempalaken lajeng dipunlebetaken kwali ingkang
dipundamel saking lempung. Kwali ingkang sampun dipunisi kaliyan kréwéng kala
wau lajeng dipungepuk wonten ing ngajeng lawang. Upacara punika minangka simbol
supados bayi ingkang dipunlairaken samangkè pikantuk kathah rejeki, saged
kangge nyekapi gesangipun kulawarganipun saéngga saged ngamal ingkang kathah.
Ubarampè Upacara Tingkeban
Ubarampè ingkang dipunginakaken
ing upacara tingkeban inggih awujud manèka werna dhedharan. Dènè ancasipun
wonten dhedharan punika minangka tandha sukur dhumateng Gusti Ingkang Maha
Kuawaos awit sedaya sih nugrahanipun.
1. Tumpeng
Kuat.
Tumpeng kuat minangka simbol supados bayi ingkang badhè dipunlairaken samangkè
sehat saha kuwat. Bahan ingkang dipunginakaken inggih punika wos. Tumpeng ugi
dipunhias ngginakaken tigan ayam godhog 35 iji, tahu, tempe, iwak asin goreng, lombok
mentah ingkang dipundamel hiasan saha terong mentah ingkang dipunoncéki
ananging kulitipun tetep taksih nèmplèk, saha dipunsukani urab-uraban.
2. Jajan
Pasar.
Jajan pasar punika boten kedah dipundamel piyambak ananging tumbas kèmawon
wonten ing pasar. Jajan pasar ingkang dipuntumbas antawisipun kuè apem, kuè cucur,
kuè bolu, kuè lapis, saha woh-wohan kados ta, nangka, jeruk, bengkowang, timun,
pisang, kacang godhog, lan sapanunggalanipun. Sedaya jajan pasar kala wau
dipuntata kanthi rapi nembè dipunsajikaken.
3. Keleman.
Keleman inggih punika kados ubi-ubi nan. Keleman ingkang dipunbetahaken dados
ubarampè upacara tingkeban arupi pitung jinis, kados ta: ubi jalar, tela,
gembili, kenthang, wortel, ganyong, sahaerut. Manèka warna keleman
dipunsajikaken wonten ing setunggal wadah kados ta nyiru.
4. Rujakan.
Rujakan punika kadamel saking manèka warna woh-wohan kados ta: jeruk, timun, blimbing,
pisang watu, lan sapanunggalanipun. Sedaya bahan rujak dipuncampur dados
setunggal saha dipunsajikaken kanthi saè ngantos raosipun rujak èco. Ancasipun
inggih supados bayi ingkang badhè dipunlairaken samangkè saged ngremenaken
kulawarganipun.
5. Dawet.
Kangge nggampilaken anggenipun damel, dawetipun saged dipuntumbas wonten ing
pasar saha ing griya namung kantun mangsak dawetipun kanthi dipuncampur santen
supados raosipun èco. Menawi kepéngin seger saged dipuntambahi ugi és batu.
6. Sajén
Medikingan. Sajén punika dipundamel kanggè lairanipun putra ing sangandhaping
putra bajeng piyambak. Dènè ubarampènipun inggih kados mekaten.
· sekul
jenè ingkang bentukipun kerucut.
· sekul
loyang, inggih punika sekul jenè ingkang dipunkum wonten ing toya, lajeng
dipundang malih saha dipunsukani klapa parut.
· entén-entén,
inggih punika campuran klapa parut kaliyan gendhis klapa ingkang dipunmangsak
ngantos garing.
· bubur
procot, dipundamel saking glepung wos, santen sacekapipun, gendhis klapa,
ingkang dipunmangsak kanthi wetah, lajeng dipunlebetaken periuk ingkang
salajengipun dipunmangsak sesarengan.
Wonten ing upacara tingkeban kedah
wonten ugi pitung jinis bubur, kalebet bubur procot punika.
Wekdal Upacara Tingkeban
Upacara tingkeban limrahipun
dipunadani ing dinten ingkang pinilih, inggih dinten rebo utawi setu ing
tanggal 14 saha 15 miterat tanggal sasi Jawa. Priyantun Jawi pitados bilih
menawi upacara tingkeban dipunadani ing tanggal punika, bayi ingkang badhè
dipunlairaken gadhah cahya ingkang sumunar saéngga saged dados larè ingkang
pinter. Wekdal kangge ngadani upacara tingkeban ingkang sae ing wanci 09.00 -
11.00. Calon ibu kedah siram saha kramas ingkang resik rumiyin. Punika minangka
simbol wontenipun kekareman ingkang suci saha resik saking pribadinipun calon
ibu. Upacara tingkeban saged dipunwiwiti ing pukul 15.00 - 16.00, amargi
priyantun Jawa pitados bilih ing wekdal punika bidadari saweg mandhap ing bumi
kagem siram.
Pirantos Upacara Tingkeban
Sapèranganing pirantos ingkang
kedah dipunsamektakaken kanggè upacara tingkeban ing antawisipun 1 mèja ingkang
dipuntutup kain pethak ingkang resik. Sanginggilipun dipuntutup malih kaliyan bangun
tulak, kain sindur, kain lurik, yuyu sekandhang, mayang sekar utawi lentrek,
ron dhadha serep, ron kluwih, saha ron alang-alang. Sedaya bahan kala wau
kanggè lambaran menawi saweg nyirami.
Pirantos sanésipun ingkang
dipunbetahaken inggih punika:
- Bokor. Bokor dipunisi toya sekar setaman kanggè
upacara siraman.
- Bathok. Dipunginakaken kanggè cidhuk ing
upacara siraman.
- Boreh, dipunginakaken kanggè gantosipun sabun
ing upacara siraman.
- Kendhi, dipunginakaken kanggè nyirami ingkang
kaping pungkasan.
- Lap andhuk.
- Kalih setengah méter kain pethak.
- Tigan ayam kampung setunggal dipunwungkus
plastik, cengkir klapa gadhing.
Busana Upacara Tingkeban
Busana ingkang dipunagem calon
ibu inggih punika, kalih méter lawè, rasukan dalam, kebaya 7 potong, kain batik
7 lembar salah satunggalipun motif truntum, saha stagéén. Dènè busana ingkang
dipunagem calon bapa inggih punika kain batik motif truntum, beskap, saha udeng
(blangkon). Kanggè calon ibu boten pareng nganggè perhiasan.
Sesajén Tingkeban
1.
Tumpeng robyong mawi kuluban, tigan ayam
godhog, iwak asin dipungoréng.
2.
Ayam bekakah 1 pasang (ayam ingkung)
3.
Bubur pethak 1 piring
5.
Bubur abrit 1 piring
6.
Penyon utawi pleret 1 piring
7.
Ketupat lepet (namung kanggè sarat
kemawon)
8.
Manèka warna woh-wohan
9.
Jajan pasar saha pala kependhem
10. Arang-arang
kembang
1 gelas
11. Dhawet
ayu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar