Crita rakyat iku salah siji karya
sastra awujud prosa utawa gancaran. Crita rakyat yaiku sastra tutur kang
dicritakake kanthi lesan, turun-temurun ing masyarakat. Mula saka iku, crita
rakyat akeh veri utawa gagrage. Crita rakyat mujudake salah siji crita prosa
lawas ana masyarakat ing gendi asale saka sawijining dhaerah. Ing jaman biyen
crita rakyat digunakake minangka sarana panglipur lan pendhidhikan moral kang
sinamun ing crita. Crita rakyat kabagi dadi papat.
1. Legendha
2. Fabel
3. Mite
4. Sage
Tuladha
Keong Mas
Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami
mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga
ketula-tula. Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa
dulur, nggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan.
Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora
nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh Gusthi paringana
pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”
Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek
panganan. Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali
kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas ?”
banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas
kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan
ngomah dicemplungake genthong.
Kaya biyasane, mbok
Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke
banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan
dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe.
Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon
sopo sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone
wis cumepak panganan. Mula kanthi sesideman
dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone. Mbok
Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka genthong
malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu
kuwi.
“Nduk
wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong
Mas ?” “Yung aranku Candrakirana, aku iki
garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”
“Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas
Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”
Dewi Candrakirana banjur
njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb
ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi
Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka
kraton Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing
kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari
Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni
Mbok Randha Dhadapan.
Mula kuwi yen supaya aku
ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan
wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog
Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa
kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang
diwadahi bokor kencana. Nampa
kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi
kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana
kajaba Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang
Dhadapan nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang
sejatine garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta
karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug
ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar