Jumat, 27 Juni 2014

Upacara Wiwit

Upacara Wiwit inggih punika salah satunggaling upacara adat babagan tetanen ingkang dipunadani nalika badhe panen pari. Upacara punika dipunadani ing wayah sonten sedinten saderengipun pantun dipunpanen. Dene papan kangge ngadani upacara wiwit punika inggih wonten ing tegalan sabin.

Tata Cara Upacara Wiwit

1.    Ngundhuh pantun ingkang dhuwuripun sami utawi ingkang winastan pantun pengantenan cacahipun gumantung neptu dinten kasebat. Menawi neptu dinten wekdal ngadani upacara wiwit 7, mila pantun ingkang dipunundhuh 7 kerat.
2.    Pantun ingkang sampun dipunundhuh lajeng dipunemban mawi jarik ingkang enggal (menawi wonten). Ananging menawi boten wonten saged ngangge kain polos utawi lurik.
3.    Menawi pantun sampun dipunlebetaken sedaya wonten griya lan sampun garing, lajeng pantun dipunlebetaken wonten ing lumbung bageyan sisih nginggil.
4.    Pantun penganten ingkang dipunundhuh kala wau lajeng disimpen saengga saged dipunginakaken malih dados wenih pantun enggal ing mangsa tandur salajengipun.
Tata lampahing upacara wiwit punika dipunpandhegani dening tiyang ingkang dipunanggep sepuh utawi saged tiyang ingkang gadhah sabin piyambak. Dene sesajen saha ubarampe ingkang dipunginakaken wonten ing upacara wiwit punika ing antawisipun; sega liwet, sega golong ingkang wonten nginggilipun dipun tutup mawi kerak sekul. Lawuhipun sambel gepeng, enghog pitik godhog, saha gereh bakar. Salajengipun ingkang kangge ngrias sesajen inggih punika uwi, gembili, saha arak-arakan (kadosa gedhang, kimpul, kacang brol, lan tela) ingkang sampun dipun godhog rumiyin.
Upacara wiwit gadhah ancas kangge kaslametan sedayanipun. Upacara punika dipuntujokaken kangge ingkang mbahu reksa (dhanyang alas) kanthi pangajab supados para tani dipunparingi kaslametan saha mugi-mugi asiling panen pantun saged kasil sae saengga saged dipunginakaken kanthi sae ugi. Kejawi kagem dhanyang upacara wiwit punika ugi katujokaken kagem Bapak Kasa, Ibu Pertiwi, lan Mbok Sri. Upacara wiwit punika taksih asring dipunadani wonten ing tlatah Sleman, Gunung Kidul, lan kulon Progo.

Upacara wiwit dipunwiwiti kanthi beto sekul lan lauk pauk ipun dhateng sabin ingkang badhe dipunpanen. Salajengipun ngempalaken warga ingkang wonten ing sakitering sabin, celak papan kangge ngadani upacara wiwit. Para warga kala wau lajeng dipun suwun sesarengan sami ndedonga nyuwun dhateng Gusti Ingkang Maha Mirah supados lampahing upacara wiwit saged lancar kalis ing sambekala. Ugi ndedoga sukur dhateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring rejeki ingkang kathah. Sasampunipun donga wiwit dipunandharaken, lajeng sekul wiwit dipunbagek-bagekaken dhateng para tani ingkang wonten ing papan kasebat lan sesarengan kembul bujana saking ubarampe upacara wiwit ingkang sampun dipun samektakaken. Sasampunipun sami dhahar nembe kalajengaken miwiti kangge manen pari ing sabin, ingkang dipun wiwiti dening tokoh tani ingkang rawuh ing papan wiwit kasebat, nembe dipunlajengaken dipun panen dening para buruh tani sanesipun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar