Upacara ''Jembul Tulakan'' wujud rasa
syukur masyarakat tulakan marang Gusti ingkang Maha Kuwasa,
kang wis paring kesuburan tanah sing nguripi para masyarakat ing desa tulakan.
lemah sing awité ora bisa digunakaké jelma dadi sawijining padhukuhan kang
subur kanthi bebrayan kang urip rukun, tentrem lan ayem.
Simbol-simbol sing ana ing
upacara jembul tulakan ing pelaksanaané upacara jembul Tulakan iki,
nyuguhaké rong (loro) werna jembul. sing gedhe ana ing ngarep diarani jembul
lanang, lan sing cilik ana ing buri diarani jembul wadon. jembul
lanang dirias karo iratan pring tipis, sing isiné manéka warna panganan, kayata
jadah (gemblong), tapé ketan, wajék, apem, lan maneka warna panganan liyané.
nanging jembul wadon ora dirias ananging diiseni sega lan lawuhé.Cacahing
jembul dijumbuhaké karo cacahing pedhukuhan sing dipimpin dening kepala-kepala
dhukuh utawa kamituwa. Prosesi upacara Upacara Jembul Tulakan diwiwiti
saka ngumbah sikil petinggi nganggo kembang setaman, kanggo pralambang
pengormatan marang Ratu Kalinyamat. saiki, bebrayan luwih ngartikna
wujud saka panjaluk utawa pandonga supaya kawujud urip sing tentrem, resik saka
sambikala lan kesusahan sing nimpa pandhudhuk.samana uga kanggo pangiling
kanggo para petinggi supaya tansah resik anggoné lelaku lan mimpin wargané lan
supaya ora nglanggar larangan agama, hukum lan jujur uga adhil. sak wise
ngumbah sikil para petinggi desa dilanjutna slametan kanggo lambang pandonga
marang Gusti supaya desa tetep slamet lan asil bumi akeh sahingga panguripan
pendhudhuk dadi sejahtera. inti saka upacara yaiku ngiteri jembul kaping 3
dening petinggi lan disusul karo kabeh perangkat désa sarta pambeksa [tayub],
sing gambaraké manèh kahanan ing wektu Ratu
Kalinyamat nglakoni pamariksa tumrap para nayaka praja sing teka sowan lan
masrahaké bekti, lan saiki luwih diartikna minangka pangèling supaya pemimpin
désa tansah nglodhangake wektu kanggo menehi kawigatosan marang staf perangkat
désané.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar