Macapat iku tembang
tradhisional ing tlatah Jawa. Saben bait macapat nduwèni baris kalimat sing
diarani gatra, lan saben gatra nduwé sawetara guru wilangan (suku kata)
tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu.
Macapat kanthi jeneng sing béda uga bisa ditemokaké jroning kabudayan Bali,
Sasak Madura, lan Sunda. Sajabané kuwi macapat uga naté ditemokaké ing
Palembang lan Banjarmasin. Biasané macapat dimaknani minangka maca
papat-papat, yaiku cara maca saben patang wanda (suku kata). Nanging
bab iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liya uga ana. Macapat dikira muncul
ing pungkasan jaman Majapahit lan wiwitané pengaruh Walisanga, nanging bab iki
mung kanggo kahanan ing Jawa Tengah. Sebab ing Jawa Wetan lan Bali macapat wis
dikenal sadurungé teka Islam.
Karya-karya kasusastran klasik
Jawa saka jaman Mataram Anyar, umumé ditulis nganggo metrum macapat. Sawijining
tulisan jroning wangun prosa utawa gancaran umumé ora dianggep minangka
asil karya sastra nanging mung kayadéné 'daftar isi' waé. Sawetara conto karya
sastra Jawa sing ditulis jroning tembang macapat kalebu Serat Wedhatama,
Serat Wulangreh, lan Serat Kalatidha.
Puisi tradhisional Jawa utawa
tembang biyasané dipérang dadi telung kategori: tembang cilik, tembang
tengahan lan tembang gedhé. Macapat
digolongaké kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan, déné
tembang gedhé arupa kakawiin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging
ing jaman Mataram Anyar, ora dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa lan
cendhak. Saliyané kuwi tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung,
puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.
Yèn dibandhingaké karo kakawin,
aturan-aturan jroning macapat kuwi béda lan luwih gampang dipatrapaké jroning
basa Jawa amarga béda karo kakawin sing didhasaraké marang basa Sangsekerta,
jroning macapat prabédan antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakaké.
Aturan-aturan jroning macapat
mau antara liya:
- Guru gatra : wilangan larik/gatra saben
pada (Indonesia: bait).
- Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku
kata) saben gatra.
- Guru lagu : tibané swara wanda ing
pungkasan ing saben gatra.
Déné, tembang utawa sekar
sejatiné ana werna-werna. Lumrahé dipérang dadi telung jenis, yaiku: Sekar
alit, sekar tengahan lan sekar ageng.
Etimologi
Macapat kerep dijarwakaké
minangka maca papat-papat awit carané maca pancèn rinakit saben patang
wanda. Nanging iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liyané uga ana.
Sawijining pakar Sastra Jawa, Arps ngandaraké sawetara makna liya ing bukuné Tembang
in two traditions.
Sajabané sing wis kasebut ing
dhuwur, makna liya yakuwi tembung -pat ngarujuk marang cacahing tandha
diakritis (sandhangan) jroning aksara Jawa sing relevan jroning
panembangan macapat.
Banjur miturut Serat Mardawalagu, sing dikarang d’ening
Ranggawarsita, macapat minangka cekakan saka frasa maca-pat-lagu sing
tegesé "nglgokaké nada kapapat". Saliyané maca-pat-lagu, isih
ana manèh maca-sa-lagu, maca-ro-lagu lan maca-tri-lagu.
Miturut ujaring kandha maca-sa klebu kategori paling tuwa lan diciptakaké
déning para Déwa lan diturunaké marang pandita Walmiki lan ditangkaraké déning
sang pujangga istana Yogiswara saka Kedhiri. Nyatané iki klebu kategori sing
saiki disebut kanthi jeneng tembang gedhe.
Maca-ro klebu tipe tembang gedhé yakuwi cacahing ‘’bait’’ (pada)
saben pupuh bisa kurang saka papat sauntara kuwi cacahing sukukata (wanda)
jroning saben bait (pada) ora mesthi padha lan diciptakaké déning Yogiswara. Maca-tri
utawa kategori sing katelu yakuwi tembang tengahan sing miturut ujar
diciptakaké déning Resi Wiratmaka, pandhita istana Janggala lan disampurnakaké
déning Pangeran Panji Inokartapati lan saduluré. Wusanané, macapat utawa
tembang cilik diciptakaké déning Sunan Bonang lan diturunaké marang para
wali.
Sajarah
Macapat minangka sebutan metrum
puisi jawa tengahan lan jawa anyar, sing nganti saiki isih ditresnani
masarakat, nyatané pancèn angèl dilacak sajarahé. poerbatjaraka mratélakaké yèn
macapat lair bebarengan karo geguritan abasa jawa tengahan, nalika macapat
wiwit dikenal, durung diweruhi sacara premana. Pigeaud nduwèni panemu yèn
tembang macapat dipigunakaké ing wiwitan periode Islam. Pratélan Pigeaud sing
asipat informasi kira-kira iku isih perlu diupayakaké kacocogan tauné sing
mesthi. Déné Karseno Saputra ngira-ira adhedhasar analisis marang sawetara
panemu lan pratélan. Yèn nyata pola metrum sing dipigunakaké ing tembang
macapat padha karo pola metrum tembang tengahan lan tembang macapat tuwuh
ngrembaka sairing karo tembang tengahan, mula banjur dikira-kira yèn tembang
macapat wis ana ing kalangan masarakat saora-orané taun 1541 masèhi.
Pangira-ira iki adhedhasar angka taun sing ana ing kidung Subrata, Juga Rasa
Dadi Jalma = 1643 J utawa 1541 masèhi. ( Saputra, 1992 : 14 ) Bab iki
adhedhasar pola metrum macapat sing paling wiwitan sing ana ing kidung Subrata.
Watara taun iku tueuh geguritan abasa jawa kuno, jawa tengahan lan jawa anyar
yaiku kekawin, kidung lan macapat. Taun pangira-ira kuwi cocog uga karo
panemuné Zoetmulder luwih kurang ing abad XVI ing jawa urip bebarengan telu
basa, yaiku jawa kuno, jawa tengahan lan jawa anyar. Jroning Mbombong
manah I ( Tejdohadi Sumarto, 1958 : 5 ) disebutaké yèn tembang
macapat ( sing nyakup 11 metrum ) diciptakaké déning Prabu Dewawasesa utawa
Prabu Banjaransari saka Sigaluh ing taun Jawa 1191 utawa taun Masèhi 1279.
Ananging miturut sumber liya, macapat ora mung diciptakaké déning sawiji uwong,
nanging déning sawetara wali lan bangsawan. ( Laginem, 1996 : 27 ). Para
pancipta iku yakuwi Sunan Giri Kedaton, Sunan Giri Prapen, Sunan Bonang, Sunan
Gunung Jati, Sunan Murya, Sunan Kali Jga, Sunan Drajat, Sunan Kudus, Sunan
Geseng, Sunan Majagung, Sultan Pajang, Sultan Adi Eru Cakra lan Adipati Nata
Praja. Nanging miturut kajian ilmiah ana loro panemu sing nduwèni prabédan
ngenani lairé macapat. Panemu sepisan mratélakaké yèn tembang macapat iku luwih
tuwa tinimbang tembang gedhé lan panemu kaloro suwaliké. Kajaba panemu iku isih
ana panemu liya ngenani lairé macapat adhedahsar perkembangan basa.
a) Tembang
macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé Panemu pisanan nganggep yèn tembang
macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé tanpa wretta utawa tembang gedhé
kawi miring. Tembang macapat timbul ing zaman Majapahit pungkasan nalika
pengaruh kabudayan Islam wiwit surut ( Danusuprapta, 1981 : 153-154 ).
Diandaraké déning Purbatjaraka yèn lairé macapat bebarengan karo kidung, kanthi
anggepan yèn tembang tengahan ora ana. ( Poerbatjaraka, 1952 : 72 )
b) Tembang
macapat luwih anom tinimbang tembang gedhé Panemu kaloro nganggep yèn tembang
macapat lair ing wektu pengaruh kabudayan Hindu tansaya tipis lan rasa
kabangsan wiwit tuwuh, yaiku ing zaman Majapahit pungkasan. Lairé macapat
urut-urutan karo kidung banjur muncul tembang gedhé abasa jawa pertengahan,
sabanjuré muncul macapat abasa jawa anyar. Lan ing zaman Surakarta wiwitan
muncul tembang gedhé kawi miring. Wangun gubahan abasa jawa anyar sing akèh
disenengi yaiku kidung lan macapat. Prosès pamunculané wiwit nalika lair
karya-karya abasa jawa pertengahan sing biasa disebut kitab-kitab kidung,
banjur muncul karya-karya abasa jawa anyar arupa kitab-kitab suluk lan
kitab-kitab niti. Kitab suluk lan kitab niti iku mènèhi sumbangan sing gedhé
marang perkembangan macapat.
c) Tembang
macapat adhedhasar perkembangan basa Jroning hipotesis Zoetmulder ( 1983 :
35 ) disebutaké yèn sacara linguistik basa jawa pertengahan dudu arupa pangkal
basa jawa anyar, nanging arupa rong cawang singkapisah lan divergen ing basa
jawa kuna. Basa jawa kuna minangka basa umum sajroning periode Hindu – Jawa
nganti runtuhé Majapahit. Wiwit tekané pengaruh Islam, basa jawa kuna tuwuh
miturut rong arah sing béda siji lan sijiné lan nuwuhaké basa jawa pertengahan
lan basa jawa anyar. Sabanjuré, basa jawa pertengahan lan kidungé berkembang
ing Bali lan basa jawa anyar kanthi macapat-é tueuh ing Jawa. Malah nganti
saiki tradisi panulisan karya sastra jawa kuna lan pertengahan isih ana ing
Bali.
Sekar Macapat utawa Sekar Alit
Macapat iki uga sinebut tembang
macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang
Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning
pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
- Maskumambang : Gambaraké jabang bayi sing isih
ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges
durung weruh lanang utawa wadon, kumambang ateges uripé ngambang nyang
kandhutané ibuné.
- Mijil : Ateges wis lair lan wis cetha
priya utawa wanita.
- Sinom : Ateges kanoman, minangka
kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu
kawruh sak akèh-akèhé.
- Kinanthi : Saka tembung kanthi utawa nuntun
kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
- Asmarandana : Ateges rasa tresna, tresna marang
liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat
Ilahi.
- Gambuh : Saka tembung jumbuh / sarujuk
kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur digathukaké antarane priya lan
wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa
urip bebrayan.
- Dhandhanggula : Nggambaraké uripé wong kang lagi
seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan /
bojo, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi
bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
- Durma : Saka tembung darma / wèwèh. Wong
yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang
kadang mitra liyané kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa
kepéngin darma / wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga
saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
- Pangkur : Saka tembung mungkur kang ateges
nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh
marang sapadha - padha.
- Megatruh : Saka tembung megat roh utawa
pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring
Sing Maha Kuwasa.
- Pocung : Yen wis dadi layon / mayit banjur
dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.
Sekar Madya utawa Sekar Tengahan
Macapat jenis iki kayadéné
tembang Kidung kang asring dienggo rikala jaman Majapahit.
Sekar Ageng
Sekar macapat Ageng (gedhé) mung
ana siji, yaiku Girisa. Yen dideleng seka angèlé, sekar macapat ageng kaya
tembang Kakawin ing jaman kuna.
Guru Gatra Guru Wilangan
Supaya luwih gampang mbédakaké
siji lan sijiné guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka tembang-tembang
mau, bisa ditata jroning tabel kaya ing ngisor iki:
Sekar Macapat
|
|||
Sekar
Macapat
|
Guru Gatra
|
Guru Wilangan
|
Guru Lagu
|
Mijil
|
6
|
10,
6, 10, 10, 6, 6
|
i,
o, e, i, i ,u
|
Sinom
|
9
|
8,
8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
|
a,
i, a, i, i, u ,a ,i, a
|
Dhandhanggula
|
10
|
10,
10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
|
i,
a, e, u, i, a, u ,a ,i, a
|
Kinanthi
|
6
|
8,
8, 8, 8, 8, 8, 8
|
u,
i, a, i, a, i
|
Asmarandana
|
7
|
8,
8, 8, 8, 7, 8, 8
|
a,
i, e, a, a, u, a
|
Durma
|
7
|
12,
7, 6, 7, 8, 5, 7,
|
a,
i, a, a, i, a, i
|
Pangkur
|
7
|
8,
11, 8, 7, 12, 8, 8,
|
a,
i, u, a, u, a, i
|
Maskumambang
|
4
|
12,
6, 8, 8
|
i,
a, i, a, a
|
Pucung
|
4
|
12,
6, 8, 12
|
u,
a, i, a
|
Jurudhemung
|
7
|
8,
8, 8, 8, 8, 8, 8
|
a,
u, u, a, u, a, u
|
Wirangrong
|
6
|
8,
8, 10, 6, 7, 8
|
i,
o, u, i, a, a
|
Balabak
|
6
|
12,
3, 12, 3, 12, 3
|
a,
e, a, e, u, e
|
Gambuh
|
5
|
7,
10, 12, 8, 8
|
u,
u, i, u, o
|
Megatruh
|
5
|
12,
8, 8, 8, 8
|
u,
i, u, i, o
|
Girisa
|
8
|
8,
8, 8, 8, 8, 8, 8, 8,
|
a,
a, a, a, a, a, a, a
|
Tuladha
Sinom
Dhandhanggula
|
Kinanthi
Asmarandana
|
Megatruh
Wirangrong
|
Perkembangan macapat
Sajarah perkembangan sastra jawa
panjang dawa banget. Prof. Dr. R. M. Ng. Poerbatjaraka wis kasil gawé ikhtisar
isi sing nyuguhaké pambabakan adhedhasar zaman pusaka-pusaka iku tinulis déning
para apngriptané.
Sastra Jawa Kuna
Karya sastrané yakuwi kakawin
Ramayana, kakawin Bharata Yudha.
Sastra Jawa Pertengahan
Miturut panemu para ahli sastra
lan sastra jawa, bates wektu sing dipatrapaké tumrap sastra jawa kuna diwiwiti
jawa purba nganti waara taun 1400. Kanggo sastra jawa pertengahan, wiwit taun
1400-1700, déné sakwisé taun kasebut nganti saiki diarani sastra jawa anyar.
Karya sastrané yaiku, Tantu pangelaran lan Kidung Sundayana.
Sastra Jawa Zaman Islam
Jroning lembaran sastra jawa
zaman Islam, ana telu pusaka sing judhulé migunakaké tembung Niti, sing maknané
tuntunan. Yaiku Nitisewaka, Nitisruti, lan Nitipraja. Katelu pusaka iku nadané
padha, yakuwi isi tuntutan. Nitisewaka dianggit ing zaman pamaréntahan Sinuwun
Mangkurat II ing Kartasura,déné Nitipraja digawé ing zaman pamaréntahan Sultan
Agung ing Mataram. Nitisruti ditulis déning Pangeran Karang Gayam, yaiku
sawijining pujangga krajan Pajang sing manggon ing Karang Gayam. Asma sakbeneré
yakuwi Pangeran Tumenggung Sujonopuro, sing miturut silsilah isih gantung
siwuré R. Ng. Ranggawarsita.
Sairing karo sumebaré ajaran
Islam, sacara ora langsung, pengaruh kabudayan Islam agawé owah-owahan ing
wangun puisi jawa. Saka kakawin sing mawa metrum India dadi kidung sing mawa
metrum Jawa. Kalungguhan kakawin sing sadurungé minangka puisi resmi
digantèkaké déning kidung. Nalika iku kidung dimanfaataké déning para
intelektual Islam kanggo nyebaraké ajaran Islam ing pesisir lor ( Giri,
Surabaya, Demak). Nanging, suwéning suwé kauripan kidung gèsèr uga saka Jawa
menyang Bali, lan kalungguhané digantèkaké déning macapat kanthi gaya pesisiran
lan muncul istilah macapat pesisiran.
Sawisé pusat panyebaran agama
Islam pindhah saka tlatah pesisir menyang pedalaman, yakuwi Mataram, kabudayan
jawa ngalami pembangunan. Ing zaman Sultan Agung ana restrukturisasi kabudayan
jawa. Kabudayan Jawa dikristalisasi lan dimantebaké, umpamané macapat
dilestarèkaké lan dibakokaké strukturé, nanging uga dimodernaké, umpamané,
kanthi pangowahan Kalendher Jawa minangka asil rekayasa perpaduan taun Saka lan
taun Hijriyah.
Sastra Jawa Zaman Surakarta Wiwitan Sastra
Zaman krajan Surakarta wiwitan,
sastra Jawa ngalami zaman keagungan. Akèh banget asil sastra sing diciptakaké
lan isiné uga manéka warna. Bab iki tuwuh saka pengayoman para raja sing pinuju
mengku praja lan wektu semana Basa Jawa dipigunakaké minangka basa dinas pamaréntahan.
Saliyané kuwi, para raja lan para satria punggawané mèlu nggubah pustaka. Bab
iki minangka stimulan tumrap para peminat lan sutresna budaya padha nyonto. Sri
Susuhunan Pakubuwana III, Sri Susuhunan Pakubuwana IV, Sri Susuhunan Pakubuwana
V, KGPAA. Mangkunegara IV, R. Ng. Sindu Sastra, KPA. Kusumadilaga lan
liyané,minangka tokoh-tokoh pamaréntahan pinunjul lan mèlu ndhukung ngembangaké
kasusatran Jawa saliyané para pujangga sing diwisuda. Sauntara sing bener-bener
anggawa sastra jawa mlebu ing abad keemasan ing zaman kasebut yakuwi R. Ng.
Yasadipura I, pujangga pisanan kraton Kasunanan Surakarta Adiningrat. R. Ng.
Yasadipura II utawa R. T. Sastranegara minangka pujangga Kasunanan sing kaloro.
Pesen jroning Macapat
Ing sajroning tembang macapat kakandhut
angkah awujud pesen. I Made Purna mratélakaké yèn : “ manéka makna lan
swasana sing dikandhut ing sajroning tembang macapat kanggo ngandaraké pesen
utawa amanat. Kandhutan peswn sing kasusun jroning wangun tetalèn tembung mawa
kaidah utawa pathokan sing baku “ Miturut Teeuw sing dikutip déning Laginem,
miturut konsèp semiotik, karya sastra dianggep minangka otonom lan komunikatif.
Komunikatif nduwèni makna yèn karya sastra diwadhahi jroning model komunikasi.
Jroning model komunikasi ana unsur komunikator (penyampai), ‘’message’’
(pesan), komunikan (penerima). Komponen-komponen iku kanthi fungsiné
dhéwé-dhéwé bisa dianggo njlèntrèhaké manéka konsèp jroning macapat. Minangka
sawijining pesen, macapat nduwèni ciri lan makna miturut angkah sing
dikarepaké. Conto:
1) Serat
Wulangreh Isi serat iki luwih ditujokaké marang para pemuda. Ing sajeroné ana
pesen ngenani kawaskithan, kapekaan marang tandha-tandha, kajujuran lan
kasabaran, rasa urmat lan sapanunggalané.
2) Serat
Tripama Isi pesen serat iki diandaraké liwat pralambang utawa penampilan lakon
pewayangan minangka tuladha utawa simbul. Ana telu tokoh sing dadi tuladha
yaiku Bambang Sumantri utawa Patih Suwanda saka epos Arjuna Sastrabahu,
Kumbakarna saka epos Ramayana lan Adipati Karna utawa Basukarna saka epos
Mahabarata. Miturut katelu tuladha kasebut, isi pesené arupa tuladha sipat
ksatria sing pantes dianut.
3) Wirawiyata
Isi pesen iki ditujokaké marang prajurit amarga nyangkut masalah ajaran
keprajuritan. Bab sing kakandhut arupa janji prajurit, disiplin, kataatan,
katakwaan, ora anngak lan ora sawenang-wenang.
4) Serat
Panitisastra Pokok-pokok ajaran utawa pesen sing ana jroning karya iku arupa
adat istiadat, sopan santun, nilai karta lan derma, tenggang rasa, pendhidhikan
anak minangka pendhukung nilai sosial wong tuwa lan sanak sedulur, kawruh
kanggo ngandelaké katakwaan marang Gusti kang murbèng dumadi.
5) Wulang
Estri Isi pesen jroning serat iki ditujokaké marag para wanita sing bakal
nglakoni urip bebrayan. Supaya kauripan rumah tanggané apik, sejahtera lair
batin, isterikudu mangertèni aturan rumah tangga, ngerti watak utawa sipat
bojo, teliti, lan ora olèh ndhisiki kekarepané bojo. Ajaran iki disimbulaké
kanthi paraga Dewi Adaniggar saka Cina, Putri Raja Ternate, Dewi Citrawati lan
lima driji tangan. Simbol-simbol iku mènèhi gambaran ngenani kegagalan
kegagalan lan keberhasilan omah-omah.
6) Candra
Rini Isi pesen jroning serat iki arupa ajaran moral tumrap kaum wanita jroning
urip omah-omah. Konsep ajaran sing awangun deskripsi sifat, watak, prilaku
istri Arjuna supaya dadi conto lan dituladhani déning kaum wanita. Istri Arjuna
sing djadi perlambang yakuwi Sumbadra, Manuhara, Ulupi, Gandawati, Srikandi, Manikarja,
Maeswara, Rarasati lan Sulastri.
7) Serat
Dumbasawala Serat Dumbasawala isi ajaran utawa pesen sing dikarepaké dadi
tuladha déning warga kraton Surakarta wektu semana. Isi pesen iku utamané ing
babagan kepahlawanan (kaprajuritan), Etika ( tingkah laku ), religiusitas
(ketuhanan ) lan sosial.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar