BUDI pekerti
saiki mulai dadi wacana ing masyarakat, akeh kang padha beda pangerten anggone
nanggepi masalah budi pekerti, tapi iku mau dadi becike amarga saiki perkara
budi pekerti wis mulai dadi kebutuhan urip masyarakat kudu diajarake marang
putra-putrane supaya besuke gedhene dadi uwong kang bisa ngajeni marang wong
tuwane lan masyarakat sekitare.
Saiki angger ana bocah nakal,
bocah sekolah padha gelut, tumindak kriminal, lan sapanunggalane, menawa ana
kedadeyan sing kaya iki trus sing dituding jare sekolah sing anggone
nggulawenthah ora becus dadine bocah iku padha nakal, padahal tanggung jawab
babagan pendidikan iku tanggung jawabe wong tuwa, sekolah, lan masyarakat.
Budi pekerti iki babagan kang
kudu dicerna nganti permati amarga kapan maneh, menawa ora saiki mulai
dipikirake babagan kasebut, budi pekerti iku hubungan langsung karo babagan
tumindak, solah bawa, pangucapan. Pendidikan budi pekerti mbutuhake keteladanan
kanthi tumindak kang becik, tumprap sapa bae kang arep menehi pendidikan budi
pekerti. Budi pekerti seliyane kanthi cara menehi keteladanan uga kebiasaane
urip sedina-dinane kanthi urip nganggo perilaku sing apik kanthi cara latihan
sing makaping-kaping.
Miturut buku Pedoman
Penanaman Budi Pekerti Luhur (Balai Pustaka, 1997), ana 56 sikap budi
pekerti luhur, yaiku antarane kerja keras, wani mikul resiko, disiplin,
keimanan, atine lembut, akeh inisiatif, pikirane jembar lan maju, sederhana,
semangat, duweni sikap konstruktif, duweni rasa syukur, tanggung jawab,
tenggang rasa, bijaksana, cerdik, cermat, dinamis, efisien, gigih, hemat,
jujur, duweni kemauan keras, kreatif, kukuh hati, lan sapanunggalane, iki kabeh
sing dadi intine pendidikan budi pekerti. Budi pekerti ora bisa langsung
tertanam ana ati trus dileksanakake tumprap panguripan sedina-sedinane, tapi
bertahap dilakoni kanthi latihan, dibiasakake kanthi solah bawa, tutur
pangucapan, lan polatan kang ngandhung nilai-nilai budi pekerti.
Pendidikan
Salah sijine cara kanggo nanam
budi pekerti yaiku melalui pendidikan neng sekolah, pendidikan budi pekerti iki
bisa didadekake mata pelajaran dhewe utawa diintegrasikan mlebu menyang materi
pelajaran, kari kepiye pelaksanaane, yen diintegrasikan gurune bisa gabungake
nilai-nilai budi pekerti disisipake ana materi pelajaran, yen dadi pelajaran
dhewe kudu ana gurune dhewe sing mulang masalah budi pekerti, loro-lorone padha
apike. Sing penting, kanthi niyat sing becik kanggo nyiapake generasi sing arep
teka sing meliki budi pekerti kang luhur.
Saiki penanaman budi pekerti ing
sekolah bisa nganthi cara kegiatan permainan/dolanan, tembang, tari, diskusi
sing isine penjabarane babagan budi pekerti trus saben dinane sekolah kudu
gatekake marang perkembangan pelaksanaan pendidikan iku marang siswa-siswine
dadine saben perubahan tingkah polahe bisa ditlusur nganti premati supayane
kasil, perubahan iki ora bisa diukur nganti nilai sing awujud angka-angka, tapi
nitikberatake marang conto-conto jelas lan becik. Guru sing dadi sentral kudu
bisa dadi tauladhan kanggo siswa-siswine, pancen ya bisa digalih yen guru iku
sosok sing kudu digugu lan ditiru, nganti paribasan iku sakjane berat banget
bebane guru. Sentral guru kudu bisa digugu lan ditiru, awit aneng sekolah lan
luar sekolah supayane bisa dadi conto, kanthi adhedhasar keyakinan, tumindak
sing bener lan pener anggone mbimbing siswane, sebagai pendidik sing dadi
personifikasi nilai-nilai kabecikan sing arep ditanemake, kanthi nyuplik
ajarane Ki Hajar Dewantara yaiku ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun
karsa, tut wuri handayani, sing didadekake dasar anggone menanamkan budi
pekerti marang siswa-siswinye. Yaiku yen ning ngarep kudu dadi tuladha kanthi
tindak-tanduk kang luhur, sopan santun tepa selira, lan menghargai wong liyan,
tumindak iku sing didadekake conto, yen ing tengah kudu maringi pitutur atau
petunjuk, supayane siswa-siswine bisa nindakake apa kang dadi piwulang babagan
budi pekerti luhur iku, yen ing buri kudu dorong atau motivasi supayane pada
gumregah anindakake tindak-tanduk berbudi luhur sesuai karo ajarane piwulang
babagan budi pekerti mau. Ananging saja disalahaken angger nganti ana
bocah/siswa/siswi sing jur nakal, sebab kenakalan utawa sethithike budi pekerti
sing tertanam iku disebabake maring perkara sing werna-werna. Kadhang akeh
kekeliruan sing muncul ing masyarakat yaiku kelemahan sing saklawase iki
dirasakake akeh wong sing mung ngandhalake informasi/penjelasan thok babagan
budi pekerti dadi sifate mung verbalisme tanpa diikuti karo tindakan sing nyata
apa sing diinformasiaken iku, dadi angger wong Jawa jare “bisane mung jarkoni”
artine bisa ngajar ora bisa nglakoni.
Kabecikan
Nang babagan pendidikan budi
pekerti perlu diterangake apa sing kudu dilakoni/ditindakake babagan kabecikan,
kedisiplinan, kemasyarakatan, lan panunggalane trus apa manfaate kanggo awake
dhewe lan masyarakat. Kabeh iki ora bisa langsung bisa dideleng asile tapi kudu
dilatih/leksanakake secara bertahap, terus-menerus, kanthi adi kebiasaan
sedina-dinane sing bisa dirasakake manfaate.
Sing lewih penting siswa/siswi
wektune aben dinane sing akeh dientekake eneng ngomah, mula penanaman budi
pekerti aja mung ditumplek blek dadi tanggung jawabe sekolah thok tapi keluarga
kudu melu, justru neng omah iki bocah awale mengenal pendidikan saka wong
tuwane, awit cilik bocah kudu mulai diajari/ditanamke nilai-nilai budi pekerti sing
apik, trus wong tuwane kudu dadi tuladhane tumprap putra-putrine neng omah
kanthi diajari unggah-ungguh, sopan santun, tepa selira, lan ngormati liyan
kanthi cara sing sabar lan premati banget marang aben ana perubahan tingkah
polah, tindak tanduk putra-putrine supayane dadi wong sing pinunjul sarta
berbudi pekerti luhur.
Ing lingkungan masyarakat iki
uga bisa bentuk pribadine bocah, mula masyarakat uga duweni kewajiban melu
nanamke nilai budi pekerti tumprap pergaulan ing masyarakat kanthi conto-conto
tumindake kang becik para tokoh masyarakat sing padha dadi paugeran masyarakat.
Kanyatane pendidikan budi
pekerti supaya bisa tertanam neng anak didik kita, iku dudu barang sing gampang
tapi perlu disikapi lan perlu dipremati kanthi serius, mulai saka ngomah yaiku
pendidikan saka wong tuwane, ning sekolah saka guru-gurune, lan ing masyarakat
yaiku para tokoh masyarakat, saengga sing dadi pengangen-angen yaiku masyarakat
kang berbudi luhur bisa dadi kasunyatan ing masyarakat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar