Widyamakna yaiku ngekmu kang ngrembug bab teges
lan bab-bab kang ana gandheng-cenengipun karo teges. Widyaswara, widyatembung,
widyaukara, kudu nggatekake widyamakna. Menawa ora nggatekake kang karembug ora
ana paedahe.
Ø
Tuladha
Sepur
numpak wong
Parmin
numpak sepur
Tuladha kasebut menawa kawawas manut
pranataning ukara wis bener amarga wis ana jejer, wasesa, lan lesane. Ananging
ukara mau kang bisa ditampa nalar mung kang angka loro. Dadi ngronce ukara ora
mung bener tatanane (struktur), nanging kudu pener sarasane. Bisa
ditampa nalar apa-apa, ana gandheng cenenge karo makna.
Ø
Sinonim
Sinonim
yaiku tembung loro utawa luwih wujud lan panuliane beda, nanging tegese padha.
Tembung kaya ngene iki, ing basa Jawa diarani dasanama.
Tuladha
Adhem =
atis
Bajang =
kunthet
Cancang = ditaleni
Dongeng = crita
Isi = wose
Ø
Antonim
Antonim
yaiku tembng, frasa, utawa ukara kang tegese walikan karo tembung, frasa utawa
liyane. Ing basa Jawa diarani kosok balen.
Angel >< gampang
Akeh >< sithik
Bagus >< elek, ala
Lanang >< wadon
Pinter >< bodho
Tidak ada komentar:
Posting Komentar