Bersih desa iku
salahsijining upacara adat Jawa sing diselenggara'ake bubar panen pari dadi maksude kanggo ngucapake
syukur tandhuran
pari brasil dipanen lan kasile apik.
Upacara adat iki kadhang uga diarani upacara mreti desa lan biasa digabung karo upacara adat sedekah bumi utawa mreti bumi.
Upacara adat iki kadhang uga diarani upacara mreti desa lan biasa digabung karo upacara adat sedekah bumi utawa mreti bumi.
Masing-masing dhaerah nduwe tata
cara lan prosesi upacara sing seje-seje miturut kabiasaan masing-masing ning
tujuane padha wae.
Sejarah
Ing jaman mbiyen upacara adat iki
dikaitake karo Dewi Sri sing dianggep sebagai dewi pari merga
kebrasilan panen iku kasil kemurahan saka Dewi Sri sing wajib disyukuri
Tujuan
- Kanggo ngucapake syukur marang Tuhan sing
wis aweh anugrah kasil panen pari sing melimpah
- Kanggo njaga keslametan para warga desa saka
gangguan hal-hal sing gaib, roh utawa arwah sing gentayangan uga saka gangguan-gangguan
penyakit, keamanan lan bencana.
- Kanggo ngresi'ake desa lan wargane saka alangan
utawa kesusahan supaya kaadaan desa dadi tentrem lan aman.
Prosesi
Prosesi upacara umume diwiwiti bubar panenan pertama utawa methik, lokasi upacarane pertama neng pesawahan sing wis dilengkapi karo ubo rampe antarane: janur kuning, kembang setaman, kemenyan, kaca, suri, banyu kendhi, jajan pasar, bungkusan sega lan gedhang. Bubar acara ndonga, pari sing wis dipetik digotong neng lumbung pari. Neng lumbung pari uga wis disiapake perangkat upacara lanjutane sing umume digawe saka godhong antarane godhong kluwih, dhadhap serep, godhong mojo, godhong tebu, godhong jati uga godhong luh. Masing-masing godhong iku nduwe fungsi lan makna.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar