Réyog iku salah sijining
seni rakyat sing asalé saka Jawa Wetan sisih kidul-kulon sakiwa-tengené
Kabupaten Ponorogo. Ing tlatah iki kondhisi sosio-budaya isih sarat mawa
prakara-prakara magis lan aliran kebatinan Kejawem isih kuwat. Kesenian réyog
iki isih kuwat gandhèngané karo praktèk magis turunaning para leluhur.
Pamentasan
Réyog modhèrn biyasané
dipentasaké nalika ana prastawa-prastawa wigati kayata ritus-ritus passage,
tuladhané wong kawinan lan tetakan (supitan) lan dina-dina gedhé nasional.
Seni Réyog Panaraga kasusun saka
sawetara rangkaian 2 nganti 3 jogèd pambuka. Jogèdan kapisan biyasané
dipentasaké déning 6 nganti 8 priya gagah kendel sing klambènan werna ireng lan
rainé dipolèsi werna abang. Para panjogèd iki nggambaraké sosok singa sing
kendel. Sawisé ana jogèdan sing dipentasaké déning 6 nganti 8 bocah wadon sing
numpaki jaran. Ing réyog tradhisional, para juru jogèd iki biyasané diperanaké
déning wong-wong lanang sing nganggo klambi wadon. Jogèdan iki diarani tayuban
jaran képangan. Jogèdan pambuka liyané yèn ana biyasané dipentasaké déning
bocah cilik sing mentasaké adhegan lucu. Bocah lucu iku kasebat Bujangganong.
Bujangganong di jénéngake ngono amarga saka cariosè bujangganong ora krama lan
bathukè nonong.
Sawisé jogèdan pambuka bubar,
lagèk dituduhaké adhegan inti sing isiné gumantung karo prastawa sing mentasaké
seni réyog. Yèn gandhèngané karo kawinan, banjur adhegan asmara sing
dipentasaké, yèn tetakan ya biyasané carita laga.
Adhegan ing seni réyog biyasané
ora miturut skénario sing kasusun rapi. Mesthi ana interaksi antara pemain lan
sang dhalang (biyasané pamimpin rombongan) lan sok-sokan karo penonton.
Kadhangkala pemain sing lagi pentas bisa digantèni karo pemain liyané yèn
dhèwèké kesel. Sing utama ing seni pementasan réyog iku bèn sang penonton
marem.
Adhegan pungkasan iku arupa
singa barong, para pemainé nganggo topèng awujud endhas singa mawa makutha sing
dipahési mawa wulu-wulu merak lan ana ndas ing dhuwur singo barong. Topèng iki
aboté bisa nganti 60 kg. Topèng sing abot iki digawa karo penontoné mawa
dicokot karo untuné. Sing ngangkat kudu sing wis kuwat lan bisané katekan kudu
karo latihan sing abot lan dipracayani uga bisané olèh déning latihan spiritual
kayata pasa lan mbangun tapa.
Kontrovèrsi
Seni jogèdan réyog diklaim
déning Malaysia dadi darbèné negara iki ing situs wèb resmi Kementrian
Kebudayaan, Kesenian dan Warisan Malaysia. Jogèdan Réyog sing diklaim
Malaysia dijenengaké Tari Barongan, lan unsur-unsuré padha, namung
caritané diènggokaké dadi "Caritaning Nabi Suléman".
Prakara iki dadi
kontrovèrsi lan gègèran ing sasi November 2007. Rakyat Panaraga pradul lan
nyuwun marang bupati Panaraga supaya protès karo pamaréntah Malaysia.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar