Kesenian tradisional Sintren atau Lais
Sintren' inggih
menika salah satunggaling kesenian tradhisional Jawi. Sintren menika
tembungipun saking tembung “Si” lan “tren”. Si inggih menika tegesipun
“dhèwèkè” utawi “Si”, kaliyan tren ingkang tegesipun “Tri” utawi saking tembung
“putri”. Dados sintren tegesipun “Si Putri” ingkang dados lakon wonten ing
kesenian menika. Sintren ugi sebatan kanggelakon wonten ing salah satunggaling
kasenian. Ananging samenika dados sebatan kangge kesenian tari menika. Sintren
saking tembung sesantrian ingkang tegesipun niru santri do0lanan lais, debus,
rudat, utawi ubrug ngginakaken ilmu ghaib. Sintren iku seni tradhisional
kang ana ing pesisir Jawa Tengah lan Jawa Kulon. Asline, sing dadi penariné
wong wadon kang isih suci (prawan), nanging ana kalané dipandhégani dening
sawijining priya kang nganggo busana wanita. Sintren iki ana ing satengahing
pagelaran ebeg, para pemaine padha mendem (intrance). Banjur, salah
sijine paraga mau ditindhih lesung lan dileboaké ing kurungan. Ing njero
kurungan iku, wong mau dandan kayadéné wanita lan njogèt kayadéné sing liyané.
Ing sawetara kedadéyan, paraga mau nglakokaké thole-thole, yaiku sing nari
nggawa tampah lan mubeng ing kalangan njaluk sumbangan karo sing mirsani.
Sulasih lan
Sulandana
Ana crita rakyat kang dadi landhesane sintren
iki, yaiku Sulasih lan Sulandana (Sulandono).
Sulandana iku putrane Ki Baureksa karo Dewi
Rantamsari. Sulandana kepranan marang Sulasih, kenya saka Desa Kalisalak.
Emane, Ki Baureksa ora sarujuk. Sulandana ora trima, dheweke lunga tapa
(semèdhi) lan Sulasih dadi tukang njoget (penari).
Ewa semana, kekaroné isih tansah sapatemon ing alam
gaib. Patemon iku linantaran dening Dewi Rantamsari. Ibune Sulandana mau
nglebokaké roh widodari ing awake Sulasih. Sawise kuwi, Dewi Rantamsari
ngundang Sulandana kang lagi tapa mau supaya teka.
Mula saka kuwi, ing pagelaran sintren ana pawang kang
nyoba nglebokkaké roh widodari. Syaraté, sing nari sintren mau kudu wanita kang
isih suci. Yen ora suci, roh widodari ora gelem manjing.
Ana 3
Prakara kang dilakoni dening Penari Sintren
Sepisan, pawang nyekel tangan lorone calon penari
sintren, banjur didelehake ing dhuwure kemenyan kanthi angucap mantra, banjur
calon penari sintren dataleni sakujur awake.
Kaping pindho yaiku calon pengantin sintren dilokake
ing kurungan pitik. Busana sintren lan kelengkapan pacak uga melu dilokake ana
kurungan. Sawise
wektune wis ngancik, kurungan dibukak, lan penari sintren wis bubar macak
kanthi awak tinalen. Banjur sintren ditutupi kurungan maneh.
Kaping telu, sawise ana tandha-tandha sintren wis dadi
(biyasane kurungan obah dhewe) kurungan dibukak, banjur taline sintren diuculi
lan siap nari. Saliyane nari, sintren uga bisa akrobat ing dhuwure kurungan.
Panggénan
Pertunjukan Sintrèn
Panggénan kangge “Sintrèn” inggih menika papan panggènan
wonten ing njawi. Tegesipun mangké boten wonten wates antawisipun penari
kaliyan pamiarsa lan ugi ingkang nyengkuyung “Sintrèn” menika. Supados langkung
“komunikatif” nalika acara balangan kaliyan temohon, antawisipun pamiarsa
kaliyan Penari “Sintrèn” menika ketingal nyawiji wonten ing pertunjukan menika.
Pamirsa mangké dados ndhèrèk nari sasampunipun Balangan.
Wekdal
Penyajian
Pertunjukan Sintrèn rumiyin dipunsuguhaken nalika sepi
ing dalu wulan purnama lan langkung utami nalika malem kliwon. Amargi Sintrèn
menika dipunpitados wonten gegayutanipun kaliyan roh alus ingkang njelma
kaliyan penari Sintrèn. Ananging samenika pertunjukan sintrèn saged dipun adani
kapan kemawon, saged siang menapa dalu lan boten kedah nalika wulan purnama.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar