Wayang dumadi saking tembung wod "yang/ hyang" angsal ater- ater wa-. Tegesipun roh ingkang dipepundhinamargi pinercaya roh saged damel beja cilakanipun manungsa. Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak lan jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken pangejawantahan pribadi manungsa. Wayang punika pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang wujud 2 dhimensi utawa wujude 3 dhimensi. Kang wujud 2 dhimensi umume, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawi wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné iki ora patia akèh ditemoni. Manut ing kemajuane jaman, wus tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi media digital kasebat e-wayang.
Crita
kang dilakonaké dijupuk saka épos Mahabharata
lan Ramayana
kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar
lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang kaya ngéné iki
diarani Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa.
Ing pagelaran punika wayang
ditancepké ing debog (wit gedhang) ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Ing
tengah, critané digelar. Sedina sewengi lakon diwedhar.
Wayang iki ora mung sumebar ing
Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara.
Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November
2003, dadi karya
kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga
banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity).
Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi.
Sajarah
Para ahli durung ana kang bisa
masthèkaké kapan wayang wiwit ana ing Indonésia.
Nanging yèn ndeleng prasasti lan tinggalan jaman kepungkur, wayang kira-kira wis
ana sadurungé agama Hindu
mlebu. Nalika kuwi lakon wayang durung nganggo crita-crita kang dijupuk saka
India. Pagelaran iki dienggo sarana nyembah marang roh leluhur.
Sawetara anggitan sastra jaman
Mataram anyar akèh kang nulis perkara sajarah wayang. Nanging, para ahli
sajarah ora sarujuk marang apa kang tinulis ing kono amarga ora cocok marang
cathetan lan tinggalan sajarah kang wis ana.
Prasasti paling kuno ana ing abad
kaping IV Masehi.
Prasasti ngemot ukara mawayang kanggo pagelaran pahargyan sima utawa bumi
perdhikan. Katrangan kang luwih trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masehi. Ing kono
tinulis si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Artiné
kira-kira: Si Galigi ndhalang kanggo Hyang kanthi lakon Bimma Sang
Kumara."
Agama Hindu kang mlebu ing Nusantara
gawé crita wayang béda karo asliné. Crita Ramayana lan Mahabharata
wiwit dienggo kanggo dakwah agama. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh (991-1016), akèh crita saka
India kang mlebu lan digawé gagrag jawané. Wayang wiwit nyebar ing
ngendi-ngendi nalika Majapahit nguwasani Nusantara.
Crita-crita kang asliné saka
India iku pungkasané wis geseh karo sadurunge. Para pujangga Jawa gawé crita
dhéwé kanggo mepaki apa kang wis ana. Ing Pedhalangan, crita-crita iki sinebut lakon
carangan.
Jaman Islam mlebu, Walisanga uga
nganggo wayang ing panyebarané. Ing jaman iki wiwit ana Wayang
Menak. Gagrag-gagrag tambah akèh ngepasi Mataram anyar. Walanda kang digdaya
gawé kraton Surakarta
ngracik akèh crita wayang kanggo nglelipur ati.
Indonésia merdika uga nyumbang
gagrag wayang kang manéka warna. Manéka warna wayang mau ana kang tetep digelar
ana kang mung urip ing jamané dhéwé. Wayang kang paling akèh dienggo yaiku
wayang kulit purwa.
Sebutane Wayang
Yèn dijupuk saka ukarané, wayang
kuwi saka wewayangan, amarga pagelarané ana ing wayah wengi lan nganggo lampu.
Nanging katrangan iki wis ora bisa diugemi manèh. Wayang dadi ora mligi bonéka
kang ana wewayangané. Wayang golèk kang digawé saka kayu ora ngandhelaké
wewayangan. Ukara wayang wis dadi pagelaran bonéka kang digelar déning
dhalang.
Umumé, sebutan wayang
tinuju marang wayang kulit purwa. Wayang iki digawé saka tatahan kulit
kèwan kanti lakon seka Mahabharata lan Ramayana.
Manéka Warna Wayang
Wayang ing tanah Jawa
- Wayang Bèbèr
yaiku wayang kang digawè saka kain utawa kulit lembu
kang awujud bèbèran (lembaran). Saben bèbèran kuwi nggambarakè sakadegan
crita. Yen wis rampung dilakonkè, bèbèrane digulung manèh. Wayang iki
digawè jaman krajaan Majapait. Wayang iki asalè
saka Pacitan
lan Gunung Kidul.
Wayang iki digawè kanthi kuwat ing bab rong dimensinè
kanthi seni lukis ing kanvas. Wong-wong kang nglèstarèkakè wayang iki
yaiku: Musyafiq
kanthi gawè wayang bèbèr
kang narasinè paraga-paraga wayang, Suhartono
kanthi luwih nyiptakake figur wayang kang corakè dèkoratif lan ornamèntik,
Agus Nuryanto
gawè wayang bèbèr kanthi saka wujud wayang
purwa banjur diabstraksi saka rèalitas uripè
manungsa ing saben dinanè.
- Wayang Kulit
- Wayang klithik
- Wayang Golèk
uga akèh wong sing arani wayang tengul. Wayang iki digawè saka kayu
lan diklabèni kayata manungsa. Sumbering crita kajupuk saka Sejarah kayata
crita Untung Suropati,
Batavia,
Sultan Agung,
Banten,
Trunajaya,
lsp. Crita wayang iki uga bisa kajupuk saka dongéng nègara Arab.
Yèn pèntas kang dadi ciri khasè wayang golék
yaiku ora nganggo kelir utawa layar
kayata wayang kulit.
- Wayang Gedhog : Wayang
iki wujudè mèh padha karo wayang kulit. Kang digawè kurang luwih taun
1400-an. Sumbèring crita saka crita raja ing Jawa, antaranè Banten,
Singasari,
Mataram,
Kediri,
lsp. Wayang iki mung bisa ditemokakè ana musèum.
- Wayang Menak
yaiku wayang saka kayu kang digawe persis (kawangun) wong. Critanè yaiku
babagan dakwah Islam
kayata: Wong Agung
Jayengrana, Imaryana,
lan Umarpadi.
- Wayang Kancil : Wayang
iki uga diarai '''wayang
Dupara'''. Wayang sing digawe saka lulang.
Crita serine Kancil.
- Wayang Wahyu :
uga kasebut '''wayang bibel'''
iki diciptakè dèning Bruder Tèmothèos
kanggo nyiarkè agama Kristen.
- Wayang Pancasila
- Wayang Sejati
- Wayang Jemblung : Wayang
saka kayu kang digawe persis (kawangun) wong. Wayang iki sumebar ana ing
daerah pesisir lor, Blora, lan Cepu.
Critanè babagan Cacad
kaya kethoprak.
- Wayang wong : Wayang
wong yaiku wayang kang diparagakè wong kang ana
gerakan tarinè. Sumbering crita saka Ramayana
lan Mahabarata.
Paguyuban kang misuwur kanthi pagelaran wayang iki yaiku Ngèsthi Pandawa
(Semarang),
Sriwedari
(Surakarta).
- Wayang Sandosa
- Wayang Ukur
- Wayang Jawa
- Wayang Topéng
- Wayang Potèhi:Wayang kang awujud bonèka cilik-cilik. Critanè mangsa jaman kraton Tar-Tar utawa Babad Cina. Thio Tiong Giè yaiku salah sijining dhalang wayang potèhi ing Semarang Tengah kang manggon ing Dèsa Pesantrèn, Kelurahan Purwodinatan. Dhèwèkè nduwèni prinsip paribasan Cina Tiongkok kang dadi semangate kanggo nglestarekake Wayang potèhi iki yaiku:”TAK ada kuda, sapi pun bisa ditunggangi.” Yen ta wayangan dhèwèkè nggunakakè basa Indonèsia kanggo basa pengantar, bèda karo para sesepuhè sing biyèn nggonakakè basa Cina. Ciri khasè dhewèkè uga kerep nggunakakè tembang campursari. Thio Tiong Gie saiki umurè wis 76 taun, akeh prihatinè mikirakè kabudayanè sing mung didelok dèning saglintir wong sing kalah adoh yèn dibandingakè karo jaman biyèn. Langka banget sing kepèngin nyinaoni wayang iki sing dadi generasinè mung siji ntok wongè yaiku Oei Tjiang Hwat sing kerep ngancani yèn ta wayangan. Para niyaganè adoh banget yaiku saka Surabaya.
Dhèwèkè menehi tuturan "Yèn ta diwènèhi panjang umurè nganti 100 taun, dhèwèkè bakal terus ndhalang, sabab ing njero wayangan kang lumrahè digawè dadi panglipur lara iku ana ajaran-ajaran, pepèling-pèling kang manfaati tumrap uripè manungsa."
- Wayang Révolusi
- Wayang Dongèng : Wayang Dhongeng wayang kang digawè saka dluwang kang digambari wayang awujud kèwan-kèwan. Wayang iki nyitakake babagan donyanè kèwan kang dadi sarana reflèksi saka donyanè manungsa. Ana wayang iki disarujuki ora ana sing dadi dhalang kang lumrahè tunggal dadi sakabèhing paraga ana wayang, banjur sapa waè bisa dadi dhalang, kang bisa prasaja gunemanè.
- Wayang Fabel
- e-wayan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar