Senin, 30 Juni 2014

Crita Wayang

Ramawijaya
Ramawijaya utawa Ramalegawa iku putrane Prabu Dasarata ing Ayodya. Rama iku putrane Dewi Raga utawa Sukasalya minangka prameswarine Prabu Dasarata. Garwane Rama Putri saka negara Mantili aran Dewi Sinta, sing dimenangake nalika ana sayembara menthang langkap (gendewa) ing Mantili.
Sawise karma, Rama lan Sinta bali menyang Ayodya, didherekake Laksamana. Laksamana utawa Lesmana iku adhine Rama, sing lair saka garwa asma Dewi Sumitrawati. Sedulur liyane yaiku Batara saka ibu Dewi Kekayi.
Satemene Ramawijaya minangka putra saka garwa prameswari sing bakal dadi ratu ngganti kalengahane Ramane. Nanging nalika Dewi Kekayi dipundhut garwa dening Dasarata duwe panyuwunan supaya putrane besuk sing dadi ratu. Dasarata janji bakal ngabulake panyuwunane. Mula nalika Dasarata wis sepuh lan arep misudha Rama minangka ratu ing Ayodya, Dewi Kekayi nagih janji, supaya Barata sing dadi ratu
Rama katundhung lunga lan kudu nindakake ukum buwang ing alas, kadherekake Sinta lan Lesmana. Njalari sungkawaning penggalihe Dasarata lan njalari sedane. Nalika ing alas Dhandhaka, Sinta dicidra Dasamuka digawa ing Alengka arep didadekake prameswarine, nanging Sinta ora gelem, tetep nuhoni dadi wanitatama, setya karo garwa. Rama dibiyantu Anoman (putrane Dewi Anjani) minangka senapati lan pamane aran Sugriwa Raja Guwa Kiskendha lan wadyabala Wanara nglurug perang ing Alengka njaluk baline Sinta. Rama bias ngalahake Dasamuka, nanging Dasamuka luput ing pati, sanajan dipateni bola-bali yen awake isih ngambah lemah, banjur urip maneh, amarga duwe aji pancasona. Mula nalika dipanah Rama nganggo panah Gunawijaya banjur ragane dibruki gunung dening Anoman.
Ngalengka kalah, bubrah, Sinta banjur nyawiji karo garwane lan peputra Kusa lan Lawa mapan ing kratone sing ana ing pucuking gunung Maliawan aran Negara Pancawati. Nalika Rama paring pitutur marang Barata sing jumeneng nata ing Ayodya lan Wibisana (adhine Rahwana) sing dadi nata ing Alengka, wujud piwulang wataking nata kang sinebut Asthabrata. Astha tegese wolu, brata tegese laku, tumindak. Lakuning ratu kudu duwe watak wolu.
1.    Kisma (lemah)
Dadi ratu kudu murah lan asih marang kawulane, kaya lemah kang tansah migunani tumrap uripe manungsa.
2.     Warih (banyu)
Banyu iku tansah mili mangisor, dadi sumber panguripan, manjing ajur-ajer manut kahanan. Kaajab ratu bisa gawe ayem, tentreming atine para kawula.
3.    Maruta (angin)
Angin iku ana ing ngendi wae, bias mapan ing papan ciyut, amba, gedhe, cilik. Karepe ratu ora mbedakake kawulane bias momong marang kawula ing papan ngendi wae.
4.    Angkasa (langit)
Ratu bisa momot prakara apa wae kaya dene angkasa sing ora bakal kebak lan sesak kanggonan apa wae.
5.    Candra ( rembulan )
Ratu kudu paring pepadhang marang kawula sing nandhang peteng (susah atine), kaya rembulan madhangi jagad ing wayah wengi.
6.    Surya (srengenge)
Maknane manawa ratu kudu bisa paring dana marang para kawula, tumindak adil, ora pilih asih, kaya dene srengenge sing ora mbedakake marang sapa wae nampa sorote sing dadi sumbering panguripan.
7.    Dahana (geni)
Ratu kudu bias nyingkirake / brastha angkara, kaya geni sing bakal ngobong apa wae, lan bakal gawe sirnane tumindak ala ing alam donya.
8.    Kartika (lintang)
Ratu kudu kukuh lan netepi sabda, ora mencla-mencle. Sabdane kudu nganggo paugeran (aturan), tumindak bias kanggo patuladhan, kaya lintang sing papane ora tau owah.
Ø Budi Pekerti
1.    Jejering ratu / pemimpin: kudu duwe bebuden luhur, suka / murah dedana, seneng aweh marang para kawula lan sapadha-padha, tansah tresna lan asihmarang wong liya, tumindak lan muna-muni trep karo kahanan, seneng aweh pitulungan marang sapa wae tanpa mbedakake kawula lan priyayi luhur, tansah adil, njejegake bebener, wedi kanisthan, mbrastha angkara, kena dipercaya, ora mencla-mencle pangandikane.
2.    Aja cidra ing janji.
3.    Yen janji kudu dipetung ala becike, aja janji sing bias gawe cilaka wong liya.
4.    Garwa lan kulawarga kudu dibelani, yen perlu ditohi pati paribasan sadumuk bathuk, sanyari bumi.

(Jatirahayu,Mutyara Rinonce, 2002: 39-40)

Widyamakna

Widyamakna yaiku ngekmu kang ngrembug bab teges lan bab-bab kang ana gandheng-cenengipun karo teges. Widyaswara, widyatembung, widyaukara, kudu nggatekake widyamakna. Menawa ora nggatekake kang karembug ora ana paedahe.
Ø Tuladha
Sepur numpak wong
Parmin numpak sepur
Tuladha kasebut menawa kawawas manut pranataning ukara wis bener amarga wis ana jejer, wasesa, lan lesane. Ananging ukara mau kang bisa ditampa nalar mung kang angka loro. Dadi ngronce ukara ora mung bener tatanane (struktur), nanging kudu pener sarasane. Bisa ditampa nalar apa-apa, ana gandheng cenenge karo makna.
Ø Sinonim
Sinonim yaiku tembung loro utawa luwih wujud lan panuliane beda, nanging tegese padha. Tembung kaya ngene iki, ing basa Jawa diarani dasanama.
Tuladha
Adhem                   = atis
Bajang                    = kunthet
Cancang                 = ditaleni
Dongeng                 = crita
Isi                           = wose
Ø Antonim
Antonim yaiku tembng, frasa, utawa ukara kang tegese walikan karo tembung, frasa utawa liyane. Ing basa Jawa diarani kosok balen.
Angel                      ><                    gampang
Akeh                       ><                    sithik
Bagus                     ><                    elek, ala
Lanang                   ><                    wadon

Pinter                      ><                    bodho

Jumat, 27 Juni 2014

Budi Pekerti, Pengangen-angen, lan Kasunyatan

BUDI pekerti saiki mulai dadi wacana ing masyarakat, akeh kang padha beda pangerten anggone nanggepi masalah budi pekerti, tapi iku mau dadi becike amarga saiki perkara budi pekerti wis mulai dadi kebutuhan urip masyarakat kudu diajarake marang putra-putrane supaya besuke gedhene dadi uwong kang bisa ngajeni marang wong tuwane lan masyarakat sekitare.
Saiki angger ana bocah nakal, bocah sekolah padha gelut, tumindak kriminal, lan sapanunggalane, menawa ana kedadeyan sing kaya iki trus sing dituding jare sekolah sing anggone nggulawenthah ora becus dadine bocah iku padha nakal, padahal tanggung jawab babagan pendidikan iku tanggung jawabe wong tuwa, sekolah, lan masyarakat.
Budi pekerti iki babagan kang kudu dicerna nganti permati amarga kapan maneh, menawa ora saiki mulai dipikirake babagan kasebut, budi pekerti iku hubungan langsung karo babagan tumindak, solah bawa, pangucapan. Pendidikan budi pekerti mbutuhake keteladanan kanthi tumindak kang becik, tumprap sapa bae kang arep menehi pendidikan budi pekerti. Budi pekerti seliyane kanthi cara menehi keteladanan uga kebiasaane urip sedina-dinane kanthi urip nganggo perilaku sing apik kanthi cara latihan sing makaping-kaping.
Miturut buku Pedoman Penanaman Budi Pekerti Luhur (Balai Pustaka, 1997), ana 56 sikap budi pekerti luhur, yaiku antarane kerja keras, wani mikul resiko, disiplin, keimanan, atine lembut, akeh inisiatif, pikirane jembar lan maju, sederhana, semangat, duweni sikap konstruktif, duweni rasa syukur, tanggung jawab, tenggang rasa, bijaksana, cerdik, cermat, dinamis, efisien, gigih, hemat, jujur, duweni kemauan keras, kreatif, kukuh hati, lan sapanunggalane, iki kabeh sing dadi intine pendidikan budi pekerti. Budi pekerti ora bisa langsung tertanam ana ati trus dileksanakake tumprap panguripan sedina-sedinane, tapi bertahap dilakoni kanthi latihan, dibiasakake kanthi solah bawa, tutur pangucapan, lan polatan kang ngandhung nilai-nilai budi pekerti.
Pendidikan
Salah sijine cara kanggo nanam budi pekerti yaiku melalui pendidikan neng sekolah, pendidikan budi pekerti iki bisa didadekake mata pelajaran dhewe utawa diintegrasikan mlebu menyang materi pelajaran, kari kepiye pelaksanaane, yen diintegrasikan gurune bisa gabungake nilai-nilai budi pekerti disisipake ana materi pelajaran, yen dadi pelajaran dhewe kudu ana gurune dhewe sing mulang masalah budi pekerti, loro-lorone padha apike. Sing penting, kanthi niyat sing becik kanggo nyiapake generasi sing arep teka sing meliki budi pekerti kang luhur.
Saiki penanaman budi pekerti ing sekolah bisa nganthi cara kegiatan permainan/dolanan, tembang, tari, diskusi sing isine penjabarane babagan budi pekerti trus saben dinane sekolah kudu gatekake marang perkembangan pelaksanaan pendidikan iku marang siswa-siswine dadine saben perubahan tingkah polahe bisa ditlusur nganti premati supayane kasil, perubahan iki ora bisa diukur nganti nilai sing awujud angka-angka, tapi nitikberatake marang conto-conto jelas lan becik. Guru sing dadi sentral kudu bisa dadi tauladhan kanggo siswa-siswine, pancen ya bisa digalih yen guru iku sosok sing kudu digugu lan ditiru, nganti paribasan iku sakjane berat banget bebane guru. Sentral guru kudu bisa digugu lan ditiru, awit aneng sekolah lan luar sekolah supayane bisa dadi conto, kanthi adhedhasar keyakinan, tumindak sing bener lan pener anggone mbimbing siswane, sebagai pendidik sing dadi personifikasi nilai-nilai kabecikan sing arep ditanemake, kanthi nyuplik ajarane Ki Hajar Dewantara yaiku ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani, sing didadekake dasar anggone menanamkan budi pekerti marang siswa-siswinye. Yaiku yen ning ngarep kudu dadi tuladha kanthi tindak-tanduk kang luhur, sopan santun tepa selira, lan menghargai wong liyan, tumindak iku sing didadekake conto, yen ing tengah kudu maringi pitutur atau petunjuk, supayane siswa-siswine bisa nindakake apa kang dadi piwulang babagan budi pekerti luhur iku, yen ing buri kudu dorong atau motivasi supayane pada gumregah anindakake tindak-tanduk berbudi luhur sesuai karo ajarane piwulang babagan budi pekerti mau. Ananging saja disalahaken angger nganti ana bocah/siswa/siswi sing jur nakal, sebab kenakalan utawa sethithike budi pekerti sing tertanam iku disebabake maring perkara sing werna-werna. Kadhang akeh kekeliruan sing muncul ing masyarakat yaiku kelemahan sing saklawase iki dirasakake akeh wong sing mung ngandhalake informasi/penjelasan thok babagan budi pekerti dadi sifate mung verbalisme tanpa diikuti karo tindakan sing nyata apa sing diinformasiaken iku, dadi angger wong Jawa jare “bisane mung jarkoni” artine bisa ngajar ora bisa nglakoni.
Kabecikan
Nang babagan pendidikan budi pekerti perlu diterangake apa sing kudu dilakoni/ditindakake babagan kabecikan, kedisiplinan, kemasyarakatan, lan panunggalane trus apa manfaate kanggo awake dhewe lan masyarakat. Kabeh iki ora bisa langsung bisa dideleng asile tapi kudu dilatih/leksanakake secara bertahap, terus-menerus, kanthi adi kebiasaan sedina-dinane sing bisa dirasakake manfaate.
Sing lewih penting siswa/siswi wektune aben dinane sing akeh dientekake eneng ngomah, mula penanaman budi pekerti aja mung ditumplek blek dadi tanggung jawabe sekolah thok tapi keluarga kudu melu, justru neng omah iki bocah awale mengenal pendidikan saka wong tuwane, awit cilik bocah kudu mulai diajari/ditanamke nilai-nilai budi pekerti sing apik, trus wong tuwane kudu dadi tuladhane tumprap putra-putrine neng omah kanthi diajari unggah-ungguh, sopan santun, tepa selira, lan ngormati liyan kanthi cara sing sabar lan premati banget marang aben ana perubahan tingkah polah, tindak tanduk putra-putrine supayane dadi wong sing pinunjul sarta berbudi pekerti luhur.
Ing lingkungan masyarakat iki uga bisa bentuk pribadine bocah, mula masyarakat uga duweni kewajiban melu nanamke nilai budi pekerti tumprap pergaulan ing masyarakat kanthi conto-conto tumindake kang becik para tokoh masyarakat sing padha dadi paugeran masyarakat.

Kanyatane pendidikan budi pekerti supaya bisa tertanam neng anak didik kita, iku dudu barang sing gampang tapi perlu disikapi lan perlu dipremati kanthi serius, mulai saka ngomah yaiku pendidikan saka wong tuwane, ning sekolah saka guru-gurune, lan ing masyarakat yaiku para tokoh masyarakat, saengga sing dadi pengangen-angen yaiku masyarakat kang berbudi luhur bisa dadi kasunyatan ing masyarakat.

Macapat

Macapat iku tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Saben bait macapat nduwèni baris kalimat sing diarani gatra, lan saben gatra nduwé sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu. Macapat kanthi jeneng sing béda uga bisa ditemokaké jroning kabudayan Bali, Sasak Madura, lan Sunda. Sajabané kuwi macapat uga naté ditemokaké ing Palembang lan Banjarmasin. Biasané macapat dimaknani minangka maca papat-papat, yaiku cara maca saben patang wanda (suku kata). Nanging bab iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liya uga ana. Macapat dikira muncul ing pungkasan jaman Majapahit lan wiwitané pengaruh Walisanga, nanging bab iki mung kanggo kahanan ing Jawa Tengah. Sebab ing Jawa Wetan lan Bali macapat wis dikenal sadurungé teka Islam.
Karya-karya kasusastran klasik Jawa saka jaman Mataram Anyar, umumé ditulis nganggo metrum macapat. Sawijining tulisan jroning wangun prosa utawa gancaran umumé ora dianggep minangka asil karya sastra nanging mung kayadéné 'daftar isi' waé. Sawetara conto karya sastra Jawa sing ditulis jroning tembang macapat kalebu Serat Wedhatama, Serat Wulangreh, lan Serat Kalatidha.
Puisi tradhisional Jawa utawa tembang biyasané dipérang dadi telung kategori: tembang cilik, tembang tengahan lan tembang gedhé. Macapat digolongaké kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan, déné tembang gedhé arupa kakawiin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram Anyar, ora dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa lan cendhak. Saliyané kuwi tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.
Yèn dibandhingaké karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi béda lan luwih gampang dipatrapaké jroning basa Jawa amarga béda karo kakawin sing didhasaraké marang basa Sangsekerta, jroning macapat prabédan antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakaké.
Aturan-aturan jroning macapat mau antara liya:
  • Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (Indonesia: bait).
  • Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
  • Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.
Déné, tembang utawa sekar sejatiné ana werna-werna. Lumrahé dipérang dadi telung jenis, yaiku: Sekar alit, sekar tengahan lan sekar ageng.

Etimologi

Macapat kerep dijarwakaké minangka maca papat-papat awit carané maca pancèn rinakit saben patang wanda. Nanging iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liyané uga ana. Sawijining pakar Sastra Jawa, Arps ngandaraké sawetara makna liya ing bukuné Tembang in two traditions.
Sajabané sing wis kasebut ing dhuwur, makna liya yakuwi tembung -pat ngarujuk marang cacahing tandha diakritis (sandhangan) jroning aksara Jawa sing relevan jroning panembangan macapat.
Banjur miturut Serat Mardawalagu, sing dikarang d’ening Ranggawarsita, macapat minangka cekakan saka frasa maca-pat-lagu sing tegesé "nglgokaké nada kapapat". Saliyané maca-pat-lagu, isih ana manèh maca-sa-lagu, maca-ro-lagu lan maca-tri-lagu. Miturut ujaring kandha maca-sa klebu kategori paling tuwa lan diciptakaké déning para Déwa lan diturunaké marang pandita Walmiki lan ditangkaraké déning sang pujangga istana Yogiswara saka Kedhiri. Nyatané iki klebu kategori sing saiki disebut kanthi jeneng tembang gedhe. Maca-ro klebu tipe tembang gedhé yakuwi cacahing ‘’bait’’ (pada) saben pupuh bisa kurang saka papat sauntara kuwi cacahing sukukata (wanda) jroning saben bait (pada) ora mesthi padha lan diciptakaké déning Yogiswara. Maca-tri utawa kategori sing katelu yakuwi tembang tengahan sing miturut ujar diciptakaké déning Resi Wiratmaka, pandhita istana Janggala lan disampurnakaké déning Pangeran Panji Inokartapati lan saduluré. Wusanané, macapat utawa tembang cilik diciptakaké déning Sunan Bonang lan diturunaké marang para wali.

Sajarah

Macapat minangka sebutan metrum puisi jawa tengahan lan jawa anyar, sing nganti saiki isih ditresnani masarakat, nyatané pancèn angèl dilacak sajarahé. poerbatjaraka mratélakaké yèn macapat lair bebarengan karo geguritan abasa jawa tengahan, nalika macapat wiwit dikenal, durung diweruhi sacara premana. Pigeaud nduwèni panemu yèn tembang macapat dipigunakaké ing wiwitan periode Islam. Pratélan Pigeaud sing asipat informasi kira-kira iku isih perlu diupayakaké kacocogan tauné sing mesthi. Déné Karseno Saputra ngira-ira adhedhasar analisis marang sawetara panemu lan pratélan. Yèn nyata pola metrum sing dipigunakaké ing tembang macapat padha karo pola metrum tembang tengahan lan tembang macapat tuwuh ngrembaka sairing karo tembang tengahan, mula banjur dikira-kira yèn tembang macapat wis ana ing kalangan masarakat saora-orané taun 1541 masèhi. Pangira-ira iki adhedhasar angka taun sing ana ing kidung Subrata, Juga Rasa Dadi Jalma = 1643 J utawa 1541 masèhi. ( Saputra, 1992 : 14 ) Bab iki adhedhasar pola metrum macapat sing paling wiwitan sing ana ing kidung Subrata. Watara taun iku tueuh geguritan abasa jawa kuno, jawa tengahan lan jawa anyar yaiku kekawin, kidung lan macapat. Taun pangira-ira kuwi cocog uga karo panemuné Zoetmulder luwih kurang ing abad XVI ing jawa urip bebarengan telu basa, yaiku jawa kuno, jawa tengahan lan jawa anyar. Jroning Mbombong manah I ( Tejdohadi Sumarto, 1958 : 5 ) disebutaké yèn tembang macapat ( sing nyakup 11 metrum ) diciptakaké déning Prabu Dewawasesa utawa Prabu Banjaransari saka Sigaluh ing taun Jawa 1191 utawa taun Masèhi 1279. Ananging miturut sumber liya, macapat ora mung diciptakaké déning sawiji uwong, nanging déning sawetara wali lan bangsawan. ( Laginem, 1996 : 27 ). Para pancipta iku yakuwi Sunan Giri Kedaton, Sunan Giri Prapen, Sunan Bonang, Sunan Gunung Jati, Sunan Murya, Sunan Kali Jga, Sunan Drajat, Sunan Kudus, Sunan Geseng, Sunan Majagung, Sultan Pajang, Sultan Adi Eru Cakra lan Adipati Nata Praja. Nanging miturut kajian ilmiah ana loro panemu sing nduwèni prabédan ngenani lairé macapat. Panemu sepisan mratélakaké yèn tembang macapat iku luwih tuwa tinimbang tembang gedhé lan panemu kaloro suwaliké. Kajaba panemu iku isih ana panemu liya ngenani lairé macapat adhedahsar perkembangan basa.
a)    Tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé Panemu pisanan nganggep yèn tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé tanpa wretta utawa tembang gedhé kawi miring. Tembang macapat timbul ing zaman Majapahit pungkasan nalika pengaruh kabudayan Islam wiwit surut ( Danusuprapta, 1981 : 153-154 ). Diandaraké déning Purbatjaraka yèn lairé macapat bebarengan karo kidung, kanthi anggepan yèn tembang tengahan ora ana. ( Poerbatjaraka, 1952 : 72 )
b)   Tembang macapat luwih anom tinimbang tembang gedhé Panemu kaloro nganggep yèn tembang macapat lair ing wektu pengaruh kabudayan Hindu tansaya tipis lan rasa kabangsan wiwit tuwuh, yaiku ing zaman Majapahit pungkasan. Lairé macapat urut-urutan karo kidung banjur muncul tembang gedhé abasa jawa pertengahan, sabanjuré muncul macapat abasa jawa anyar. Lan ing zaman Surakarta wiwitan muncul tembang gedhé kawi miring. Wangun gubahan abasa jawa anyar sing akèh disenengi yaiku kidung lan macapat. Prosès pamunculané wiwit nalika lair karya-karya abasa jawa pertengahan sing biasa disebut kitab-kitab kidung, banjur muncul karya-karya abasa jawa anyar arupa kitab-kitab suluk lan kitab-kitab niti. Kitab suluk lan kitab niti iku mènèhi sumbangan sing gedhé marang perkembangan macapat.
c)    Tembang macapat adhedhasar perkembangan basa Jroning hipotesis Zoetmulder ( 1983 : 35 ) disebutaké yèn sacara linguistik basa jawa pertengahan dudu arupa pangkal basa jawa anyar, nanging arupa rong cawang singkapisah lan divergen ing basa jawa kuna. Basa jawa kuna minangka basa umum sajroning periode Hindu – Jawa nganti runtuhé Majapahit. Wiwit tekané pengaruh Islam, basa jawa kuna tuwuh miturut rong arah sing béda siji lan sijiné lan nuwuhaké basa jawa pertengahan lan basa jawa anyar. Sabanjuré, basa jawa pertengahan lan kidungé berkembang ing Bali lan basa jawa anyar kanthi macapat-é tueuh ing Jawa. Malah nganti saiki tradisi panulisan karya sastra jawa kuna lan pertengahan isih ana ing Bali.

Sekar Macapat utawa Sekar Alit

Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
  • Maskumambang : Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
  • Mijil : Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.
  • Sinom : Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
  • Kinanthi : Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
  • Asmarandana : Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
  • Gambuh : Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
  • Dhandhanggula : Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / bojo, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
  • Durma : Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
  • Pangkur : Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.
  • Megatruh : Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
  • Pocung : Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.

Sekar Madya utawa Sekar Tengahan

Macapat jenis iki kayadéné tembang Kidung kang asring dienggo rikala jaman Majapahit.
  • Jurudemung
  • Wirangrong
  • Balabak

Sekar Ageng

Sekar macapat Ageng (gedhé) mung ana siji, yaiku Girisa. Yen dideleng seka angèlé, sekar macapat ageng kaya tembang Kakawin ing jaman kuna.

Guru Gatra Guru Wilangan

Supaya luwih gampang mbédakaké siji lan sijiné guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka tembang-tembang mau, bisa ditata jroning tabel kaya ing ngisor iki:
Sekar Macapat
Sekar Macapat
Guru Gatra
Guru Wilangan
Guru Lagu
Mijil
6
10, 6, 10, 10, 6, 6
i, o, e, i, i ,u
Sinom
9
8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
a, i, a, i, i, u ,a ,i, a
Dhandhanggula
10
10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
i, a, e, u, i, a, u ,a ,i, a
Kinanthi
6
8, 8, 8, 8, 8, 8, 8
u, i, a, i, a, i
Asmarandana
7
8, 8, 8, 8, 7, 8, 8
a, i, e, a, a, u, a
Durma
7
12, 7, 6, 7, 8, 5, 7,
a, i, a, a, i, a, i
Pangkur
7
8, 11, 8, 7, 12, 8, 8,
a, i, u, a, u, a, i
Maskumambang
4
12, 6, 8, 8
i, a, i, a, a
Pucung
4
12, 6, 8, 12
u, a, i, a
Jurudhemung
7
8, 8, 8, 8, 8, 8, 8
a, u, u, a, u, a, u
Wirangrong
6
8, 8, 10, 6, 7, 8
i, o, u, i, a, a
Balabak
6
12, 3, 12, 3, 12, 3
a, e, a, e, u, e
Gambuh
5
7, 10, 12, 8, 8
u, u, i, u, o
Megatruh
5
12, 8, 8, 8, 8
u, i, u, i, o
Girisa
8
8, 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8,
a, a, a, a, a, a, a, a

Tuladha

Sinom
  • Pangéran kang sipat murah (8/a)
  • Njurungi kajating dasih (8/i)
  • Ingkang temen tinemenan (8/a)
  • Pan iku ujaring dalil (8/i)
  • Nyatané ana ugi (7/i)
  • Iya Kiyageng ing Tarub (8/u)
  • Wiwitané nenedha (7/a)
  • Tan pedhot tumekèng siwi (8/i)
  • Wayah buyut canggah warèngé kang tampa (12/a)
Dhandhanggula
  • Éling-éling pra kadang dèn éling (10/i)
  • Uripira ing ndonya tan lama (10/a)
  • Bebasan mung mampir ngombé (8/e)
  • Cinecep nulya wangsul (7/u)
  • Mring asalé sangkané nguni (9/i)
  • Begja kang wus pana (7/a)
  • Sangkan paranipun (6/u)
  • Dedalan kang dèn ambah (8/a)
  • Mrih rahayu lumampah margi utami (12/i)
  • Sejatining kasidan (7/a)
Kinanthi
  • Padha gulangen ing kalbu (8/u)
  • Ing sasmita amrih lantip (8/i)
  • Aja pijer mangan néndra (8/a)
  • Kaprawiran dèn kaèsthi (8/i)
  • Pesunen sariranira (8/a)
  • Sudanen dhahar lan guling (8/i)

Asmarandana
  • Anjasmara ari mami (8/a)
  • Masmirah kulaka warta (8/a)
  • Anèng kuta Prabalingga (8/o)
  • Prang tanding lan Wurubisma (8/a)
  • Kariya slamet wong ayu (8/u)
  • Pun kakang pamit palastra (8/a)
Megatruh
  • Sigra milir sang gèthèk sinanggga bajul (12/u)
  • Kawan dasa kang njagèni (8/i)
  • Ing ngajeng miwah ing pungkur (8/u)
  • Sinangga ing kanan kering (8/i)
  • Sang gèthèk lampahnya alon (8/o)

Wirangrong
  • Tan pantes akèh ngawruhi (8.i)
  • Mulané lamun miraos (8/o)
  • Dipun ngarah-arah ywa kabanjur (10/u)
  • Yèn uwis kawijil (6/i)
  • Tan kena tinututan (7/a)
  • Mulané dipun prayitna (8/a)

Perkembangan macapat

Sajarah perkembangan sastra jawa panjang dawa banget. Prof. Dr. R. M. Ng. Poerbatjaraka wis kasil gawé ikhtisar isi sing nyuguhaké pambabakan adhedhasar zaman pusaka-pusaka iku tinulis déning para apngriptané.
Sastra Jawa Kuna
Karya sastrané yakuwi kakawin Ramayana, kakawin Bharata Yudha.

Sastra Jawa Pertengahan

Miturut panemu para ahli sastra lan sastra jawa, bates wektu sing dipatrapaké tumrap sastra jawa kuna diwiwiti jawa purba nganti waara taun 1400. Kanggo sastra jawa pertengahan, wiwit taun 1400-1700, déné sakwisé taun kasebut nganti saiki diarani sastra jawa anyar. Karya sastrané yaiku, Tantu pangelaran lan Kidung Sundayana.

Sastra Jawa Zaman Islam

Jroning lembaran sastra jawa zaman Islam, ana telu pusaka sing judhulé migunakaké tembung Niti, sing maknané tuntunan. Yaiku Nitisewaka, Nitisruti, lan Nitipraja. Katelu pusaka iku nadané padha, yakuwi isi tuntutan. Nitisewaka dianggit ing zaman pamaréntahan Sinuwun Mangkurat II ing Kartasura,déné Nitipraja digawé ing zaman pamaréntahan Sultan Agung ing Mataram. Nitisruti ditulis déning Pangeran Karang Gayam, yaiku sawijining pujangga krajan Pajang sing manggon ing Karang Gayam. Asma sakbeneré yakuwi Pangeran Tumenggung Sujonopuro, sing miturut silsilah isih gantung siwuré R. Ng. Ranggawarsita.
Sairing karo sumebaré ajaran Islam, sacara ora langsung, pengaruh kabudayan Islam agawé owah-owahan ing wangun puisi jawa. Saka kakawin sing mawa metrum India dadi kidung sing mawa metrum Jawa. Kalungguhan kakawin sing sadurungé minangka puisi resmi digantèkaké déning kidung. Nalika iku kidung dimanfaataké déning para intelektual Islam kanggo nyebaraké ajaran Islam ing pesisir lor ( Giri, Surabaya, Demak). Nanging, suwéning suwé kauripan kidung gèsèr uga saka Jawa menyang Bali, lan kalungguhané digantèkaké déning macapat kanthi gaya pesisiran lan muncul istilah macapat pesisiran.
Sawisé pusat panyebaran agama Islam pindhah saka tlatah pesisir menyang pedalaman, yakuwi Mataram, kabudayan jawa ngalami pembangunan. Ing zaman Sultan Agung ana restrukturisasi kabudayan jawa. Kabudayan Jawa dikristalisasi lan dimantebaké, umpamané macapat dilestarèkaké lan dibakokaké strukturé, nanging uga dimodernaké, umpamané, kanthi pangowahan Kalendher Jawa minangka asil rekayasa perpaduan taun Saka lan taun Hijriyah.

Sastra Jawa Zaman Surakarta Wiwitan Sastra

Zaman krajan Surakarta wiwitan, sastra Jawa ngalami zaman keagungan. Akèh banget asil sastra sing diciptakaké lan isiné uga manéka warna. Bab iki tuwuh saka pengayoman para raja sing pinuju mengku praja lan wektu semana Basa Jawa dipigunakaké minangka basa dinas pamaréntahan. Saliyané kuwi, para raja lan para satria punggawané mèlu nggubah pustaka. Bab iki minangka stimulan tumrap para peminat lan sutresna budaya padha nyonto. Sri Susuhunan Pakubuwana III, Sri Susuhunan Pakubuwana IV, Sri Susuhunan Pakubuwana V, KGPAA. Mangkunegara IV, R. Ng. Sindu Sastra, KPA. Kusumadilaga lan liyané,minangka tokoh-tokoh pamaréntahan pinunjul lan mèlu ndhukung ngembangaké kasusatran Jawa saliyané para pujangga sing diwisuda. Sauntara sing bener-bener anggawa sastra jawa mlebu ing abad keemasan ing zaman kasebut yakuwi R. Ng. Yasadipura I, pujangga pisanan kraton Kasunanan Surakarta Adiningrat. R. Ng. Yasadipura II utawa R. T. Sastranegara minangka pujangga Kasunanan sing kaloro.

Pesen jroning Macapat

Ing sajroning tembang macapat kakandhut angkah awujud pesen. I Made Purna mratélakaké yèn : “ manéka makna lan swasana sing dikandhut ing sajroning tembang macapat kanggo ngandaraké pesen utawa amanat. Kandhutan peswn sing kasusun jroning wangun tetalèn tembung mawa kaidah utawa pathokan sing baku “ Miturut Teeuw sing dikutip déning Laginem, miturut konsèp semiotik, karya sastra dianggep minangka otonom lan komunikatif. Komunikatif nduwèni makna yèn karya sastra diwadhahi jroning model komunikasi. Jroning model komunikasi ana unsur komunikator (penyampai), ‘’message’’ (pesan), komunikan (penerima). Komponen-komponen iku kanthi fungsiné dhéwé-dhéwé bisa dianggo njlèntrèhaké manéka konsèp jroning macapat. Minangka sawijining pesen, macapat nduwèni ciri lan makna miturut angkah sing dikarepaké. Conto:
1)   Serat Wulangreh Isi serat iki luwih ditujokaké marang para pemuda. Ing sajeroné ana pesen ngenani kawaskithan, kapekaan marang tandha-tandha, kajujuran lan kasabaran, rasa urmat lan sapanunggalané.
2)   Serat Tripama Isi pesen serat iki diandaraké liwat pralambang utawa penampilan lakon pewayangan minangka tuladha utawa simbul. Ana telu tokoh sing dadi tuladha yaiku Bambang Sumantri utawa Patih Suwanda saka epos Arjuna Sastrabahu, Kumbakarna saka epos Ramayana lan Adipati Karna utawa Basukarna saka epos Mahabarata. Miturut katelu tuladha kasebut, isi pesené arupa tuladha sipat ksatria sing pantes dianut.
3)   Wirawiyata Isi pesen iki ditujokaké marang prajurit amarga nyangkut masalah ajaran keprajuritan. Bab sing kakandhut arupa janji prajurit, disiplin, kataatan, katakwaan, ora anngak lan ora sawenang-wenang.
4)   Serat Panitisastra Pokok-pokok ajaran utawa pesen sing ana jroning karya iku arupa adat istiadat, sopan santun, nilai karta lan derma, tenggang rasa, pendhidhikan anak minangka pendhukung nilai sosial wong tuwa lan sanak sedulur, kawruh kanggo ngandelaké katakwaan marang Gusti kang murbèng dumadi.
5)   Wulang Estri Isi pesen jroning serat iki ditujokaké marag para wanita sing bakal nglakoni urip bebrayan. Supaya kauripan rumah tanggané apik, sejahtera lair batin, isterikudu mangertèni aturan rumah tangga, ngerti watak utawa sipat bojo, teliti, lan ora olèh ndhisiki kekarepané bojo. Ajaran iki disimbulaké kanthi paraga Dewi Adaniggar saka Cina, Putri Raja Ternate, Dewi Citrawati lan lima driji tangan. Simbol-simbol iku mènèhi gambaran ngenani kegagalan kegagalan lan keberhasilan omah-omah.
6)   Candra Rini Isi pesen jroning serat iki arupa ajaran moral tumrap kaum wanita jroning urip omah-omah. Konsep ajaran sing awangun deskripsi sifat, watak, prilaku istri Arjuna supaya dadi conto lan dituladhani déning kaum wanita. Istri Arjuna sing djadi perlambang yakuwi Sumbadra, Manuhara, Ulupi, Gandawati, Srikandi, Manikarja, Maeswara, Rarasati lan Sulastri.

7)   Serat Dumbasawala Serat Dumbasawala isi ajaran utawa pesen sing dikarepaké dadi tuladha déning warga kraton Surakarta wektu semana. Isi pesen iku utamané ing babagan kepahlawanan (kaprajuritan), Etika ( tingkah laku ), religiusitas (ketuhanan ) lan sosial.

Upacara Tingkeban

Upacara Tingkeban ugi dipunwastani mitoni. Mitoni saking tembung pitu ingkang ateges angka pitu (7). Upacara tingkeban dipuntindakaken menawi kandhutanipun priyantun estri, yuswanipun sampun pitung sasi saha nembé ngandhut sepisan. Upacara tingkeban punika salah satunggaling tradisi masarakat Jawa. Ancasipun kagem nepangaken bilih pendhidhikan punika dipuntindakaken wiwit wontenipun jalmi ing kandhutan dumugi diwasa. Sadangunipun ngandhut kathah sanget perkawis ingkang asipat saé ingkang kedah dipunlaksanakaken dening biyungipun saha kedah nebihaken saking perkawis ingkang boten saé. Punika mengku teges supados putra ingkang badhé dipunlairaken dados putra ingkang saé.
Wonten ing upacara kasebat, biyung ingkang nembé ngandhut pitung sasi dipunsiram nganggé toya sekar setaman ingkang dipunparingi dedonga ingkang mligi kagem biyung saha jabang bayinipun. Donga kasebat gadhah ancas nyuwun dhumateng Gusti supados tansah paring rohmatipun saéngga bayi ingkang badhe dipunlairaken slamet tanpa wonten alangan satunggal punapa.

Tata Cara Upacara Siraman Tingkeban

1.    Siraman dipunlaksanaken déning para sesepuh (priyantun ingkang dipunsepuhaken) ingkang cacahipun pitu, kalebet rama kaliyan ibu saking ibu ingkang nembé ngandhut. Saénipun ingkang nyirami inggih punika tiyang sepuh ingkang sampun gadhah wayah.
2.    Sasampunipun upacara siraman, dipunlajengaken upacara nglebetaken tigan ayam kampung wonten ing kain (sarung) calon sang ibu déning sang garwa saking padharanipun ngantos pecah. Punika minangka simbol saha nyuwun supados bayi ingkang badhé dipunlairaken saged lair kanthi gampil tanpa alangan satunggal punapa. Padatanipun, bilih priyantun èstri ingkang nembé ngandhut sapisanan nglairaken kathah godhanipun. Awit saking punika, prelu ndedonga kaslametan, utaminipun ing wekdal pitung sasi.
3.    Salajengipun inggih punika gantos busana kaping pitu dipunrangkepi kain pethak. Kain pethak kala wau dados dhasaring busana ingkang kaping pisan minangka pralambang bilih bayi ingkang badhe dipunlairaken inggih suci saha badhe pikantuk rahamat saking Gusti Allah SWT.
4.    Sasampunipun ingkang calon ibu ngagem kain pethak kaping pitu gantos-gantosan, lajeng dipunadani adicara medhot lawè ingkang dipunubengaken ing padharanipun calon ibu. Dènè ingkang medhot benang lawè punika inggih calon bapa nipun kanthi ancas supados bayi ing kandhutan samangkè saged lair kanthi gampil.
5.    Menawi lawè sampun dipunpedhot, mila calon simbah putri saking pihak calon ibu, nggèndhong kalpa gadhing dipunkancani dèning ibu bèsan. Ananging sadéréngipun, klapa gadhing kala wau dipunlebataken wonten ing kain ingkang dipunagem calon ibu saking nginggil liwat padharan dumugi ngandhap, lajeng dipuntampani dèning calon simbah putri nipun. Ancas saking upacara punika inggih supados samangkè bayi ingkang dipunkandhut saged lair kanthi gampil tanpa rubèda satunggal punapa.
6.    Rerangkéning adicara ingkang salajengipun inggih calon bapa mecah klapa gadhing kasebat kanthi sadéréngipun milih setunggal saking kalih klapa ingkang sampun dipugambari Kamajaya saha Dewi Ratih utawi Arjuna kaliyan Wara Sumbadra utawi Srikandhi. Klapa kalih kala wau dipunwalik supados ingkang bapa boten saged ningali gambaripun kala wau. Menawi klapa ingkang dipungepuk kaliyan ingkang bapa ingkang gambaripun Kamajaya mila bayi nipun badhe lair kakung, saha kosok walikipun bilih ingkang dipungepuk gambar Dewi Ratih, mila bayinipun éstri. (Punika namung ingkang dipunkaremaken kemawon, déréng mesti dados kasunyatan). Ananging, bilih kita nyuwun kanthi saéstu dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos, mila punapa ingkang dipungayuhaken saged kabul.
7.    Sabibaripun upacara siraman punika kalajengaken upacara milih sekul jènè ingkang mapan wonten ing takiripun ingkang garwa. Lajeng dipunlajengaken upacara dodol dhawet saha rujak. Anggénipun bayar dodolan nganggè logam ingkang kadamel saking remukan gendhéng (kréwéng) ingkang dipunbentuk bunder, arupi yatra logam punika. Asilipun dodolan dipunkempalaken lajeng dipunlebetaken kwali ingkang dipundamel saking lempung. Kwali ingkang sampun dipunisi kaliyan kréwéng kala wau lajeng dipungepuk wonten ing ngajeng lawang. Upacara punika minangka simbol supados bayi ingkang dipunlairaken samangkè pikantuk kathah rejeki, saged kangge nyekapi gesangipun kulawarganipun saéngga saged ngamal ingkang kathah.

Ubarampè Upacara Tingkeban

Ubarampè ingkang dipunginakaken ing upacara tingkeban inggih awujud manèka werna dhedharan. Dènè ancasipun wonten dhedharan punika minangka tandha sukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuawaos awit sedaya sih nugrahanipun.
1.    Tumpeng Kuat. Tumpeng kuat minangka simbol supados bayi ingkang badhè dipunlairaken samangkè sehat saha kuwat. Bahan ingkang dipunginakaken inggih punika wos. Tumpeng ugi dipunhias ngginakaken tigan ayam godhog 35 iji, tahu, tempe, iwak asin goreng, lombok mentah ingkang dipundamel hiasan saha terong mentah ingkang dipunoncéki ananging kulitipun tetep taksih nèmplèk, saha dipunsukani urab-uraban.
2.    Jajan Pasar. Jajan pasar punika boten kedah dipundamel piyambak ananging tumbas kèmawon wonten ing pasar. Jajan pasar ingkang dipuntumbas antawisipun kuè apem, kuè cucur, kuè bolu, kuè lapis, saha woh-wohan kados ta, nangka, jeruk, bengkowang, timun, pisang, kacang godhog, lan sapanunggalanipun. Sedaya jajan pasar kala wau dipuntata kanthi rapi nembè dipunsajikaken.
3.    Keleman. Keleman inggih punika kados ubi-ubi nan. Keleman ingkang dipunbetahaken dados ubarampè upacara tingkeban arupi pitung jinis, kados ta: ubi jalar, tela, gembili, kenthang, wortel, ganyong, sahaerut. Manèka warna keleman dipunsajikaken wonten ing setunggal wadah kados ta nyiru.
4.    Rujakan. Rujakan punika kadamel saking manèka warna woh-wohan kados ta: jeruk, timun, blimbing, pisang watu, lan sapanunggalanipun. Sedaya bahan rujak dipuncampur dados setunggal saha dipunsajikaken kanthi saè ngantos raosipun rujak èco. Ancasipun inggih supados bayi ingkang badhè dipunlairaken samangkè saged ngremenaken kulawarganipun.
5.    Dawet. Kangge nggampilaken anggenipun damel, dawetipun saged dipuntumbas wonten ing pasar saha ing griya namung kantun mangsak dawetipun kanthi dipuncampur santen supados raosipun èco. Menawi kepéngin seger saged dipuntambahi ugi és batu.
6.    Sajén Medikingan. Sajén punika dipundamel kanggè lairanipun putra ing sangandhaping putra bajeng piyambak. Dènè ubarampènipun inggih kados mekaten.
·  sekul jenè ingkang bentukipun kerucut.
·  sekul loyang, inggih punika sekul jenè ingkang dipunkum wonten ing toya, lajeng dipundang malih saha dipunsukani klapa parut.
·  entén-entén, inggih punika campuran klapa parut kaliyan gendhis klapa ingkang dipunmangsak ngantos garing.
·  bubur procot, dipundamel saking glepung wos, santen sacekapipun, gendhis klapa, ingkang dipunmangsak kanthi wetah, lajeng dipunlebetaken periuk ingkang salajengipun dipunmangsak sesarengan.
Wonten ing upacara tingkeban kedah wonten ugi pitung jinis bubur, kalebet bubur procot punika.

Wekdal Upacara Tingkeban

Upacara tingkeban limrahipun dipunadani ing dinten ingkang pinilih, inggih dinten rebo utawi setu ing tanggal 14 saha 15 miterat tanggal sasi Jawa. Priyantun Jawi pitados bilih menawi upacara tingkeban dipunadani ing tanggal punika, bayi ingkang badhè dipunlairaken gadhah cahya ingkang sumunar saéngga saged dados larè ingkang pinter. Wekdal kangge ngadani upacara tingkeban ingkang sae ing wanci 09.00 - 11.00. Calon ibu kedah siram saha kramas ingkang resik rumiyin. Punika minangka simbol wontenipun kekareman ingkang suci saha resik saking pribadinipun calon ibu. Upacara tingkeban saged dipunwiwiti ing pukul 15.00 - 16.00, amargi priyantun Jawa pitados bilih ing wekdal punika bidadari saweg mandhap ing bumi kagem siram.

Pirantos Upacara Tingkeban

Sapèranganing pirantos ingkang kedah dipunsamektakaken kanggè upacara tingkeban ing antawisipun 1 mèja ingkang dipuntutup kain pethak ingkang resik. Sanginggilipun dipuntutup malih kaliyan bangun tulak, kain sindur, kain lurik, yuyu sekandhang, mayang sekar utawi lentrek, ron dhadha serep, ron kluwih, saha ron alang-alang. Sedaya bahan kala wau kanggè lambaran menawi saweg nyirami.
Pirantos sanésipun ingkang dipunbetahaken inggih punika:
  1. Bokor. Bokor dipunisi toya sekar setaman kanggè upacara siraman.
  2. Bathok. Dipunginakaken kanggè cidhuk ing upacara siraman.
  3. Boreh, dipunginakaken kanggè gantosipun sabun ing upacara siraman.
  4. Kendhi, dipunginakaken kanggè nyirami ingkang kaping pungkasan.
  5. Lap andhuk.
  6. Kalih setengah méter kain pethak.
  7. Tigan ayam kampung setunggal dipunwungkus plastik, cengkir klapa gadhing.

Busana Upacara Tingkeban

Busana ingkang dipunagem calon ibu inggih punika, kalih méter lawè, rasukan dalam, kebaya 7 potong, kain batik 7 lembar salah satunggalipun motif truntum, saha stagéén. Dènè busana ingkang dipunagem calon bapa inggih punika kain batik motif truntum, beskap, saha udeng (blangkon). Kanggè calon ibu boten pareng nganggè perhiasan.

Sesajén Tingkeban

1.        Tumpeng robyong mawi kuluban, tigan ayam godhog, iwak asin dipungoréng.
2.        Ayam bekakah 1 pasang (ayam ingkung)
3.        Bubur pethak 1 piring
4.        Bubur sengkala 1 piring
5.        Bubur abrit 1 piring
6.        Penyon utawi pleret 1 piring
7.        Ketupat lepet (namung kanggè sarat kemawon)
8.        Manèka warna woh-wohan
9.        Jajan pasar saha pala kependhem
10.    Arang-arang kembang 1 gelas
11.    Dhawet ayu