Parikan
yaiku
unen-unen
kang kedadeyan saka rong ukara, kang dhapukane kanggo purwakanthi swara utawa
purwakanthi sastra. Saben saukara kadadeyan saka rong gatra, saben sagatrane
isine 4 wanda utawa 8 wanda. Ukara kapisan minangka pambuka, ukara kapindho iku
wose utawa isi bakune. Ing
basa Indonesia parikan diarani pantun.
Tuladha:
1.
Manuk emprit, nucuk pari, dadi murid, sing
taberi
2.
Wajik klethik, gula jawa, luwih becik, sing
prasaja
3.
Gudheg manggar bumbune mrica
ketumbar, lamun
sabar, bisa lejar serta bingar
Wangsalan yaiku unen-unen meh
kaya cangkriman, dene tebusane utawa batangane (jawaban) srana sinandi tegese
ora blaka, ora diceplosake. Ana wangsalan padinan lan tembang.
Tuladha wangsalan
padinan
1.
Janur gunung esuk-sesuk dolan
mrene (janur
gunung : aren (kadingaren)
2.
Sekar aren, sampun dangu-dangu (sekar/kembang
aren : dangu)
3.
Roning mlinjo, sampun sayah
nyuwun ngaso (roning
mlinjo : so)
Wangsalan kang kanggo ing tembang. Biasane kanggo
sing panembrama, arane umpak-umpak. Gerongan, umpak-umpak, wangsalan diterusake
tembang Kinanthi Sandhung utawi Kinanthi subakastawa.
Tuladha.
1.
Petis manis, sarining kaca
benggala (4+8)
Aja ngucap
yen durung dirasa-rasa (kecap rasa)
2.
Jenangsela wader kalen sasonderan
(4+8)
Apuranto
yen wonten lepat kawula (apu, sepat)
3.
Balung geni, kalong lit kang
aneng wisma (4+8)
Dhuh pra
siswa, yo sinau basa jawa (mawa/wawa, lawa)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar