Ø Tembung Garba
Tembung garba yaiku tembung loro utawa luwih kang dirangkep dadi siji, kanggo ngurangi cacahing wanda (suku kata).
Tuladha:
Arane + iki = araneki
Nata + ing = nateng
Tumeka + ing = tumeking
Tumuju + ing = tumujweng
Sira + iku = siraku
Ø Tembung Plutan
Tembung plutan yaiku satembung kang diringkes maneh cacahing wandane supaya luwih sithik, nanging tegese ora owah. Plutan tegese rangkep. Dipluta tegee dirangkep. Dene gunane mluta tembung mau padha karo nggarba tembung, yaiku kanggo ana ing tembang, prelune kanggo ngurangi guru wilangan yen samangsa kakean.
Kuwali = kwali
Kuwalat = kwalat
Kuwasa = kwasa
Kuwatir = kwatir
Saranta = sranta
Ø Paribasan
Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg pangganggone mawa teges entar, nanging ora ngemu surasa pepindhan. Mulane paribasan uga kalebu tembung enta, sebab paribasan iku uga ora kena ditegesi salugune wae. Surasane ora mung salugune, ora wantah.
Tuladha : Mungal-mungil = ragu-ragu
Ø Bebasan
Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, nanging ngemu surasa pepindhan, dene kang dipindhakake kahanane utawa sipate wong utawa barang. Wong utawa barang katut ana ing sajroning pepindhan iku, nanging kang luwih digatekake kahanane.
Tuladha : mumbul-mumbul kaya tajin = wong kang ora kena dipenging.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar