Selasa, 01 Juli 2014

Geguritan

Miturut bausastra Jawa, geguritan iku karangan kang pinathok kaya tembang, ananging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune ora ajeg. Geguritan kabagi karya sastra tulis. Tembung geguritan asale saka tembung “gurit”. Gurit tegese kidung utawa tembang tulisan awujud tatahan kanthi paugeran tartamtu. Nggurit tegese ngarang tembang, kidung utawa rerepen.
Kang digatekake nalika maca geguritan yaiku:
a.    Wicara        : pocapan
b.    Wirama       : irama utawa lagu
c.    Wiraga        : solah raga, pasemon
d.   Wirasa        : pangrasa.
Geguritan kabagi loro yaiku geguritan gagrag kuna utawa lawas lan geguritan gagrag anyar.
1.    Geguritan Gagrag Kuna utawa Lawas
Tetengerane:
-          Cacahing gatrane ora ajeg, nanging sethithik papat.
-          Cacahing wanda ing gatra siji lan sijine kudu padha akehe.
-          Tibaning swara (guru lagune) kudu runtut.
-          Sangarepe geguritan, kawiwitan nganggo tembun “sun nggegurit”.
Tuladha
Sun nggegurit:
Kahanan jaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ati

Yen manut wasiting kuna
Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wusanane tibeng bapa

2.    Geguritan Gagrag Anyar
Tengerane:
-          Tembung-tembunge pilihan
-          Isine mentes
-          Cacahe gatra utawa larik ora katemtokake
-          Arang nganggo tembung salugune (denotasi)
-          Akeh nganggo tembung kiasan (konotasi)
Tuladha
Manungsa Setengah Dewa
Sapa bisa nulungi aku
Aku kang lagi dirusak awaku
Jare aku sugih ing rakyat
Nanging aku butuh siji
Sing bisa dadi dewa
Sak orane setengahing dewa
Dewa kang bisa nyipta
Aku sing makmur
Misuwur ing kasaenan
Tulung!
Tulungi aku!
Aku sing subur ing tetandur
Aku sing dhuwe bangsa kang luhur
Aku sing pulaune ora ketung
Aku sing sugih ing budaya, suku lan basa
Lamun ana
Sing bisa nulungi aku
Nata saka sirah nganti jangkah
Ing gawe tentreming kawulane
Bisa nata praja lan batin
Kang murakabi rahayuning nagari
Bakal nyana ingsung ing sira
Manungsa setenganing dewa

Tikuse Negaraku
Ngrogoti tanpa mikir
Gawe tuna ing negara
Tanpa ngrasa
Ngrebut ing haking liyan
Tanpa rikuh

Ora mikir
Apa ora dhuwe pikiran?
Ati kang tumancep ing dhadha
Apa wis atos?
Kaya ora bisa ngrasa
Atos kaya watu
Peteng kaya guwa
Mung mikir awake dhewe
Kaya ing dunya selawase

Gusti
Sambat nalika ingsun nandhang sengsara
Puji nalika ingsun nampa bebungah
Nikmat kang tumuji luwih sithik
Amarga ati kang katutp
Gebyaring dunya kang ora sapira

Lamun ingsung eling
Nikmat urip kang ora ketung
Punapa ingsung manungsa kang ina
Panggonan luput, lali lan dosa


Tidak ada komentar:

Posting Komentar