Wara-wara yaiku sawijining sarana
kang menehi informai kanggo wong akeh. Biaane wara-wara sipate gamblang, bisa
dipasang lang disiarkake ing ngendi wae mitirut kabutuhane. Wara-wara
nggunakake tembung kang ringkes cetha, lan gamblang utawa bisa dimangerteni
wong akeh.
Miturut sipate wara-wara kaperang dadi loro.
1. Wara-wara resmi: wara-wara kang digawe kanthi resmi dening
instansi, organisasi, utawa perkumpilan.
2. Wara-wara ora resmi: wara-wara kang digawe dening awijining
dina.
Wara-wara
resmi duwe titikan mligi yaiku nggunakake tembung-tembung kang baku, apa anane,
lan ora ngayawara.
Nalika nggawe wara-wara, ana syarat kang perlu digatekake.
1. Basa kang digunakake kudu nduweni teges wantah.
2. Tembung-tembunge cekak aos.
3. Wose utawa isine medharake sawijining bab kanthi jangkep supaya
kang maca gamblang apa kang dikarepake.
4. Wose ngemu surasa pangajak, panyaruwe, larangan, lan sapiturute.
5. Bleger lan wose kudu basa narik kawigatene sapa wae.
Tuladha
Wara-Wara
Studi Wisata
Kanggo para
siswa mligine siswa kelas VII SMP Sidareja sing melu studi menyang Bali, supaya teka:
dina : Setu
surya
kaping : 19 Desember 2013
tabuh : 08.00 WIB
papan : Latar SMP Sidareja
adicara : Sesuluh babagan Studi Wisata
Sing wis ngerti wara-wara iku, supaya digethok tularake
marang siswa liya sing durung ngerti lan matur nuwun awit kabeh kawigatane.
Sidareja,
30 November 2013
Ketua
Panitia
Ttd
Sutikna,
S. Pd.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar