Kenapa kakean nguyu ora apik? Akeh nguyu bisa mateni ati? Apa maksude? Jare nguyu
pratandha sehat lan seneng?
Nguyu yaiku salah siji panggawean
kang biasane pratandha seneng. Nanging kadhang nguyu bisa kerana kapeksa. Ana
ing wacana iki ora mbahas sababe nguyu nanging sabab sing diakibatake saka
kakean nguyu. Ora salah menawa nguyu iku panggawean kang apik lan jare bisa
dadikake awit enom. Yaiku nalika nguyu iku mau ing wates wajare manungsa,
tegese ora kakeyan.
Miturut panaliten, ing otake
manungsa ana hormon kang ngatur rasa seneng lan rasa sedih. Hormon kang ngatur
rasa seneng yaiku hormon serotonin. Hormon iku bisa kasila nalika nguyu.
Hormon serotonin anggene kerja dhuweni partner utawa kanca yaiku
hormon endorfin. Hormon endorfin iki sing dadekake rasa seneng .
Hormon loro iki kadadean saka bahan sing padha. Mula, dhuweni sifat mahami lan
nglenngkapi antarane siji lan sijine. Menawa kadhar endorfin mundak,
serotonin uga mundak lan sakwalike. Nanging, antarane serotonin lan endorfin
kadang ora stabil. Yaiku menawa kadhar endorfin akeh, mangka
kadhar serotonin kasirep dadi sithek. Nalika manungsa seneng utawa nguyu
kang ana ing thithik maksimal, hormon panyaimbang ora ana. Mula manungsa kang
akeh nguyune ing lumprahe dadi pribadhi sing grungsungan, ora tenang, sarta
ngalami gersanging ati. Kahanan iku mau sing dadi pamicu manungsa kena paranoid.
Yaiku gampang nyana perkara ing panyana kang elek istilahe su’udlon. Selot suwe, menawa kahanan iku katerusan
dadekake atine mati utawa ora peka. Matine ati bisa didelok menawa manungsa iku
mau nemonui manungsa liyan utawa sedulure lagi kena musibah. Manungsa iku mau
ora preduli utawa bisa di jenengke egois. Dheweke gelem bantu nanging ana pamrihe. Mula saka iku, aja nganti kita
kajebak ing kasenengan lan guyon kang ora dhuweni wates. Seneng lan nguyu iku
prelu, nanging aja nganti kablabasen. Kudu eling lan waspadha!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar