Selasa, 01 Juli 2014

Gamelan Jawa

Gamelan Jawa iku salah siji jinis utawa corak gamelan sing urip ing Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan sebagéyan Jawa Wetan. Musik gamelan Jawa iki béda karo musik gamelan saka dhaérah liya, yen musik gamelan Jawa lumrahé nduwé nada luwih lembut lan nganggo laya luwih alon, beda karo musik gamelan Bali sing layane luwih cepet, uga gamelan Sundha sing rasa musiké "nglaras" banget (mendayu-dayu) lan didhominasi swara suling.
Notasi
Gamelan laras sléndro Si Ketuyung, Kraton Kasepuhan, Cirebon
Gamelan Jawa iku nduwé nada-nada péntatonis. Gamelan Jawa iku nduwéni 2 laras yaiku:
  • Laras Slendro kang nduweni urutan nada-nada 1 2 3 5 6
  • Laras Pelog kang nduweni urutan nada-nada' 1 2 3 4 5 6 7
Aturan
Gamelan Jawa nduwé aturan-aturan sing wis pakem, antarané katata saka pirang-pirang rambahan (puteran) lan pathet utawa jero cethèking swara, uga ana aturan sampak utawa cepet-rendheté laku sing wis pakem, uga ana batesan-batesan gongan lan mèlodiné wis diatur ning bagèyan-bagèyan sing saben-saben ketata saka 4 nada (gatra). Saben-saben piranti nduwé fungsi dhéwé-dhéwé, sing nuntun swara yaiku rebab, sing nuntun irama diarani kendhang. Arané pemain sing nabuh gamelan iku pengrawit, penayagan utawa nayagutawa wiyoga, sing nembang priya arane wira-swara, sing wanita arané pesinden utawa swarawati.
Jinis
·         Gamelan Kodhok ngorek
·         Gamelan Monggang
·         Gamelan Klasik
·         Gamelan Gadhon
·         Gamelan Siteran
·         Gamelan Mangkunegaran
·         Gamelan Pakualaman
·         Gamelan Surakarta
·         Gamelan Yogyakarta
·         Gamelan Banyumasan
Uga pirsani
·         Piranti gamelan Jawa
·         Gongan
·         Balungan
·         penerusan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar