Kethoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa Tengah, ananging uga bisa tinemu ing Jawa Wetan. Kethoprak wis nyawiji dadi budaya masyarakat
Jawa Tengah lan bisa ngasoraké kesenian liyané, umpamané Srandul, Emprak, lan sakliyané.
Sajarah
Kethoprak wiwit bebukané awujud dedolanan para priya
ing dhusun sing lagi nganaaké lelipur sinambi
nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, kasebut Gejog.
Ana ing tembé kaéring tembang bebarengan ing kampung /dhusun kanggo lelipur.
Saterusé ana tambahan kendhang, terbang, lan suling. Mula wiwit saka iku
kasebut Kethoprak Lesung, kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Banjur ana ing
tahun 1909 wiwitan
dianakaké pagelaran Kethoprak kanthi paripurna/lengkap.
Pagelaran Kethoprak wiwitan sing resmi ing ngarepé
masyarakat/umum, yaiku Kethoprak Wreksotomo, dipandhegani dening Ki Wisangkoro,
sing mandhegani kabeh kakung. Carita sing dipagelarake yaiku : Warsa -
Warsi, Kendana Gendini, Darma - Darmi, lan sapanunggalane.
Sawise iku pagelaran Kethoprak sansaya suwe dadi lan
apike uga dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sawise Pagelaran Kethoprak dadi pepak anggone carita lan
ugo kaering gamelan.
Jinis
Anane gegayutan karo pagelaran "teater" para
narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa dibedakake mengkene :
- Kothékan Lesung : awujud awal mulané
Kethoprak lan dadi winih ing tembé mburi dadi pagelaran Kethoprak.
- Kethoprak Lesung Wiwitan : wiwitane saka
kothekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo carita , panguripané para
tani .
- Kethoprak Lesung : Amujudaké pagelaran
jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kayata kendhang, suling,
terbang lan lesung. Iki sing bakal dadi laire pagelaran Kethoprak.
- Kethoprak Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak
Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman 'mesiran' ( Baghdad ).
- Kethoprak Gamelan Pendhopo : carita-caritane
ngemungake carita Babad,
dipagelarake nganti seprené . Pagelaranne ana ing panggung tanpa payon,
nanging wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak
Pendapa (Pagelarane ana ing 'Pendopo').
- Kethoprak Panggung : Iki pagelaran Kethoprak
ingkang pungkasan , yaiku Kethoprak kang dipagelarake ana ing panggung
kanthi carita campur, awujud carita rakyat, sejarah, babad uga carita adaptasi
saka ing nagari manca (Sampek Eng Tay’’, Maling saka Bagdad lan
sapanunggalane ).
Saiki bisa dipirsani Kethoprak Panggung ana ing tlatah
Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Pagelarane dadi profesional kanthi amungut bayaran
karcis , uga kanggone para nayaga (pemain ) lan pradangga (penabuh gamelan )
kethoprak wis dadi panguripan. Tehnik pagelaran lan carita digawé luwih apik
lan ditindakake kanthi teges lan tumemen. Tuladha mau bisa dipirsani ana ing
Kethoprak "Siswo Budoyo" saking Tulung Agung, Jawa Wetan kang wis
misuwur ana ing ngendi wae, dadi klangenane masyarakat.
Isi carita
Rupa-werna carita pagelaran Kethoprak umpama carita
rakyat, dongeng, babad,legenda, sejarah lan adaptasi saka nagari manca bisa uga
migunakake swasana Indonesia, tuladhane karya Shakespeare : Pangeran
Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi,
Kendana-Gendini, Abdul Semararupi crita Menak, Panji Asmarabangun, Klana
Sewandana crita Panji, Ande-ande lumut, Angling Darma, Roro Mendut, Damarwulan,
Ranggalawe, Jaka bodo.
Carita klangenan masyarakat bisa awujud carita
pahlawanan, paperangan, carita nglempengake kabecikan adate ing pungkasan
carita sing tumindake becik, jujur bakal entuk kamenangan.
Ageman para nayaga pemain dipadakake karo carita kang
dipagélarake, . Biasane nganggo ageman para Narapraja Jawa wektu jaman kerajaan
biyen. Umpama Pangeran Wiroguna, Agemane ngangga Priyayi Jawa Pangeran saka
tlatah Jawa Tengah ( Jogjakarta ), Semono uga para prajurit. Nanging uga ana
ageman kang awujud simbolis ,umpamane Piyantun Wicaksana aweni ageman cemeng ,
Piyantun suci awerni agemmn pethak, ingkang kendhel agemane abang. Carita
Baghdad agemane kasebut "Mesiran" nganggo ageman sutra. Agemen Wayang wong uga ana gegayutan karo Kethoprak, utamane Kethoprak
pesisran tlatah Jawa sisih pesisir Lor. Umpamane carita Angling Darma, Menak
Jingga/Damarwulan.
Uga ana ageman kasebut basahan, yokuwi ageman kejawen
ananging cinampur ing liyan bisa arupa ageman batik, lan beskap uga surban
(biasane nganggo uga jubah). Ageman basahan iki adate ana ing carita Menak
utawa carita para wali/para ulama Islam ing sajerone praja.
Sing dadi ciri wancine Kethoprak : Carita kanthi
para nayaga/pemain , kaering tabuhan (gamelan) ,Ageman tembang kang dadi
tetenger kethoprak . Rembugan uga biasa nganggo tembang ,dadi tembang bisa
mujudake dadi pangiring adegan, dialog, monolog ( rerasan dewe) utawa dadi
narasi.
Wondene unining gamelan kanggo ngeringi tembang,
adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatik, kang mbedakake adegan siji
lan sijine.
Perangkat
pengiring
Kendhang,
saron, ketuk, kenong, kempul, lan gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan
jangkep adate nganggo suling utawa
terbang. kanthi tambahan keprak.
Para nayaga kethoprak biasane pinter anggone
"akting" uga kudu pinter nyanyi & nari .
Para pradangga gamelan, bebarengan karo sinden (waranggono),ngeringi irama gamelan kethoprak.
Senadyan sing dianggo basa Jawa, nanging kudu nganggo
"unggah-ungguh" basa. bisa nganggo Jawa biasa (ngoko), basa krama,
lan Krama inggil.
Saiki, ana ing wolak waliking jaman, kethoprak uga
duwe "improvisasi" kanthi wujud dagelan kethoprak. Umpamane awujud
Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan televisi. Carita bakune
padha nanging dipagelarake kanthi dagelan. Mligi ngemungake lan nyenengake
pamirsane. Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau biasane wis ora nganggo
unggah ungguh basa lan tatakrama, sing baku bisa gawe geguyu. Carita lan basa
ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak ora jangkep.
Tembung "pradangga", miturut Leksikon/Kamus Bausastra Jawa anggitane Poerwodarminta tahun 1939,iku tegese "gamelan" dudu penabuh gamelan. Yen penabuh gamelan kuwi disebut "niyaga".
Tembung "pradangga", miturut Leksikon/Kamus Bausastra Jawa anggitane Poerwodarminta tahun 1939,iku tegese "gamelan" dudu penabuh gamelan. Yen penabuh gamelan kuwi disebut "niyaga".
Tidak ada komentar:
Posting Komentar