Minggu, 06 Juli 2014

Sesorah

   
Sesorah, pidato utawa medhar sabda yaiku micara utawa nglairaken gagasan, panemu sarana lisan ing sangarepe wong akeh. Ancase  sesorah yaiku minangka (1) atur pambagya, (2) atur kabar utawa informasi, (3) aweh panglipur, (4) pangajak. Bab wigati supaya anggone sesorah bisa kaleksanan kanthi becik, mula sing sesorah iku kudu nggatekake ing antarane (1) basa, (2) busana, (3) swara, (4) solah bawa utawa sika.
1.    Basa sing digunakake kudu laras utawa cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa karma digunakake Manawa ngadhepi wong sing luwih tuwa utawa wong sing kudu dikurmati.
2.    Busana kang digunakake prayogane busana sing becik lan sopan, amerga ajining raga saka busana.
3.    Wiramaning swara sing kepenak dirungokake, aja keseron utawa alon banget. Anggone ngucapake tetembungan sing cetha ora groyok, ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang dimangerteni karepe, iramane ora lugu kaya wong kang maca buku.
4.    Solah bawane wong kang sesorah iku kudu manteb lan teteg, madhep marang pamriksa, tangan ngapurancang, aja tumungkul/dingkluk lan aja ndhangak.
Bab liyane sing kudu disingkiri gegayutan  karo solah bawa nalika sesorah antarane  polate besengut, gugup, ngguyu sing digawe-gawe, kerep ndeleng cathetan, ngobahake tangan/sikil, karo mloka-mlaku, ngadheg kaku kaya wong baris, tangan methentheng, tangan sedhakep lan tangan mlebu ing sak klambi utawa kathok.
Supaya anggone sesorah runtut kudu gatekake urut-urutane sesorah yaiku (1) uluk salam, (2) purwaka, (3) isi wigatining atur, (4) pangarep-arep, (5) panutup.
(Kapethik saking Pinter Sesorah.2005:4)
Nulis pidhato iku kawiwitan saka nemtokake tema, banjur digoleki subtemane nuli nemtokake irah-irahan utawa judhule pidhato. Dene cengkorongan naskah pidhato yaiku:
1.    Pambuka     : ngemot salam, pakurmatan, syukur marang Gusti Allah, lan panuwun
2.    Isi               : ngemot bab-bab kang gegayutan karo tema, subtema, lan irah-irahan
3.    Panutup      : isine dudutan, pangarep-arep, nyuwun pangapura, lan salam panutup.
Ancase sesorah salah sijine yaiku pangajak. Sesorah kang asipat pangajak kanthi ancas supaya sing mirengake percaya banjur kapilut utawa melu.

Kakean Ngguyu?

 Kenapa kakean nguyu ora apik? Akeh nguyu bisa mateni ati? Apa maksude? Jare nguyu pratandha sehat lan seneng?
            Nguyu yaiku salah siji panggawean kang biasane pratandha seneng. Nanging kadhang nguyu bisa kerana kapeksa. Ana ing wacana iki ora mbahas sababe nguyu nanging sabab sing diakibatake saka kakean nguyu. Ora salah menawa nguyu iku panggawean kang apik lan jare bisa dadikake awit enom. Yaiku nalika nguyu iku mau ing wates wajare manungsa, tegese ora kakeyan.
               Miturut panaliten, ing otake manungsa ana hormon kang ngatur rasa seneng lan rasa sedih. Hormon kang ngatur rasa seneng yaiku hormon serotonin. Hormon iku bisa kasila nalika nguyu. Hormon serotonin anggene kerja dhuweni partner utawa kanca yaiku hormon endorfin. Hormon endorfin iki sing dadekake rasa seneng . Hormon loro iki kadadean saka bahan sing padha. Mula, dhuweni sifat mahami lan nglenngkapi antarane siji lan sijine. Menawa kadhar endorfin mundak, serotonin uga mundak lan sakwalike. Nanging, antarane serotonin lan endorfin kadang ora stabil. Yaiku menawa kadhar endorfin akeh, mangka kadhar serotonin kasirep dadi sithek. Nalika manungsa seneng utawa nguyu kang ana ing thithik maksimal, hormon panyaimbang ora ana. Mula manungsa kang akeh nguyune ing lumprahe dadi pribadhi sing grungsungan, ora tenang, sarta ngalami gersanging ati. Kahanan iku mau sing dadi pamicu manungsa kena paranoid. Yaiku gampang nyana perkara ing panyana kang elek istilahe su’udlon.  Selot suwe, menawa kahanan iku katerusan dadekake atine mati utawa ora peka. Matine ati bisa didelok menawa manungsa iku mau nemonui manungsa liyan utawa sedulure lagi kena musibah. Manungsa iku mau ora preduli utawa bisa di jenengke egois. Dheweke gelem bantu nanging  ana pamrihe. Mula saka iku, aja nganti kita kajebak ing kasenengan lan guyon kang ora dhuweni wates. Seneng lan nguyu iku prelu, nanging aja nganti kablabasen. Kudu eling lan waspadha!

Sarasehan

Sarasehan yaiku patemonan kanggo ngrembug sawijining perkara kang dipandhegani dening para ahli (guru besar, pakar, lsp) wujude rembugan kang lumrahe diadani kanggo ngrembug perkara sinambi ngudarasa apa kang dadi uneg-uneg ing batin. Menawa melu seminar becike aktif takon lan aktif menehi tanggepan tumrap informasi sing gegandhengan karo tema utawa judhule. Tujuwane  kaanakake sarasehan yaiku, kanggo nggayuh larasing panemu. Ana babagan sing kudu digatekake menawa melu seminar, yaiku:
1.    Ketrampilan ngetrapake basa supaya pamireng bisa ngerteni
2.    Mangerteni informasi kang dipraktekake nara sumber
3.    Menehi informasi kang diandharake nara sumber
4.    Aja nglalekake tata krama basa, unggah-ungguh lan subasita
Mula yen ana forum sarasehan  utawa dhiskusi, luwih becik nggunakake basa kang baku, yaiku Basa Jawa kang lumrah lan umum.
Ø Paragautawa petugas ing sarasehan
1.    Panglaras/ pangarsa pirembugan            : moderator
2.    Panulis                                                   : notulen
3.    Panitera/ pawicara/ pangandhar materi  : pembicara
4.    Para kadang pasarta/ anggota
Ø Tugas-tugase
1.    Panglaras           : sing mandhegani sakjroning seminar, ngadani wiwitan tekan purna
2.    Panulis               : sing nyatheti lakuning seminar, kalebu sapa sing takon , apa sing ditakokake, sing nanggepi lan sing ditanggepi
3.    Pawicara            : sing maca tulisan / makalah kanggo pembahasan
4.    Anggota             : sing mbiyantu kabeh kalakone seminar nganti pungkasan amrihe bisa  kelakon kanthi sukses lan lancar
Ø Tuladha temane  seminar
1.     Nyinau format ing silabus KBK
2.    Mbrasta nyamuk DB
3.    Ningkatake keamanan lingkungan
4.    Carane sinau kareben rangking 1 lsp
Ø Sarasehan kanthi becik kudu ngatekake
1.    Ruang seminar
2.    Peserta
3.    Moderator
4.    Lumakune  seminar

Wacana

Nulis wacana kuwi ora gampang, mesthine kudu eling wacana kang kepriye sing dikarepake. Mula iku miturut jenising wacana iku ana narasi, deskrepsi, eksposisi, argumentasi lan persuasi.
Wacana eksposisi yaiku salah sawijining wacana kang mbudidaya ngandharake pokok pikiran ing bisa njembarake wawasan utawa pangertene kang maca. Supaya luwih cetha biasane digenepi nganggo grafik, utawa gambar. Wacana eksposisi adate digunakake kanggo mbabarake kawruh utawa ilmu, definisi, pangerten, cak-cakan sawijining kegiyatan, method, cara lan proses dumadi sawijining kedadeyan utawa bab, tuladhane carane gawe sabuk saka kulit, tas kulit, carane gawe tahu, lan sapanunggalale.
Ø Jenising wacana eksposisi :
1.     Proses
2.     Tuladha
3.     Sebab akibat
Ø Carane nulis wacana eksposisi yaiku :
1.     Nemtokake underane perkara uatawa tema
2.     Nemtokake tujuwan
3.     Ngumpulake data saka maneka sumber
4.     Nyusun cengkorongan utawa kerangka kang cocog karo tema sing dipilih
5.     Ngrembakake cengkorongan utawa kerangaka dadi wacana eksposisi.
Wacana  narasi yaiku  karangan kang nyritakake saweneh prastawa kanthi runtut, jlentreh, ceritane kronologis, cetha paraga lan latare darta alure.
Ancase karangan narasi yaiku nritakake pengalaman uripe wong ing saperangan wektu utawa bisa uga karangan kang minangka asiling rekadaya pikirane pengarang. Mula supaya bisa nggambarake kaya kasunyatane ing karangan narasi kudu an paraga, papan, swasana, urutan  kedadeyan  lan sapanunggalane.
Ø Ciri-ciri wacana narasi yaiku
1.    Ceritane runtut
2.     Ana alure
3.    Ana paragane 
4.    Ana tumindak ing sajroning crita
5.    Crita mau ditindakake ing sajroning wektu     
Ø Wacana narasi ana 2 werna :
1.    Narasi ekspositoris yaiku narasi kang duwe ancas menehi ngerti para pamaos supaya tambah pangertene.

2.    Narasi  sugestif yaiku narasi kang nyritakake surasa utawa makna lumantar pangangen-angen utawa imajinasi. 

Pawarta

Wong urip ing donya iki duwe butuh. Saben dinane nindakake pagawean. Pagaweaniku kanggo nyukupi butuhing urip. Nalika ngaso, warna-warna kagiyatan kang dilakoni, tuladhane maca Koran, ngrungokake radio, nonton tv, saliyane iku ana wong sing seneng golek pawarta anyar. Pawarta iku bisa lumantar Koran, pawarta saka radhio lan pawarta saka TV. Pawarta asipat informative, isine ngabarake marang khalayak umum.
Supaya bisa ngrungokake pawarta lan nanggapi pawarta kanthi bener, para siswa kudu :
1.      Mbudidaya milih pawarta kang cocog karo sing diperlokake
2.      Tansah ngrungokake pawarta kanthi tlesih lan tliti
3.      Nemokake isi bakune pawarta
4.      Bisa mbedakake kanyatan lan panemu
5.      Bisa ngudal lan tumanggap marang isine pawarta
Manungsa warganing bebrayan mesthi ora bisa uwal saka manungsa liyane. Ing saben dinane mesthi mbutuhake informasi. Informasi utawa kabar bisa katemokake saka medhia elektronik kayata radhio, televise, internet lsp., utawa saka medhia ora elektronik kayata kalawarti, ariwarti, lan buku. Ngandharake kabar utawa informasi marang wong liya kuwi ora gampang, apa maneh ngandharake ing ngarepe wong akeh, bisa-bisa apa kanga rep dikabarake malah salah kedadeyan.
Supaya apa kanga rep dikabarake marang wong liya ora salah kedadeyan, kang kudu digatekake yaiku :
1.      Sumber informasi kudu cetha
2.      Kudu ngerti isine
3.      Informasine kudu anyar, actual lan bisa dipercaya
4.      Kanggo sapa kabar mau
5.      Kabar mau ora kena ditambah-tambahi utawa dikurangi
6.      Tujuane menehi kabar marang wong liya
7.      Paedahe informasi mau kanggo wong liya
Maca pawarta kaya kang dilakokake panggiyar ( penyiar), kagolong jenising maca kanggo wong liya. Mula pamacane pawarta kudu cetha, supaya isine pawarta katampa wutuh kanggone sing ngrungokake lan ora dadi kleru ing panampa. Mula saka kuwi, ana babagan kang kudu dinggatekake pamaca pawarta yaiku :
1.    Pamaca pawarata kudu nguwasani isine pawarata kanga rep diwaca. Sadurunge maca, pamaca pawarta kudu wis maca naskah luwih dhisik lan naliti menawa ana sing kleru.
2.    Pelafalan utawa kedale fonem, konsonan utawa vocal kudu cetha supaya ora dadi samar karepe amarga anane tembung-tembung sing arep padha pangucapane
3.  Unjal napas utawa jeda kudu pener.Semono uga karo dawa lan cendhake jeda.Biasane pamaca pawarata migunakake tandha ( / ) kanggo mandheg sedela,tandha ( // ) kanggo mandheg suwe,  tandha ( - ) kanggo pungkasan baris sing ora kena mandheg.
4.    Wirama utawa dhuwur cendhek swara selang-seling supaya gampang dibedakake antarane bagian kang penting lan ora penting
5.  Anggone maca ora kena cepet banget utawa rendhet banget. Tempo kang cepet banget ngangelke anggone nampa, suwalike menawa rendhet banget bakal mbosenake sing ngrungokake.
6.    Bantere swara cukup, saengga cetha ditampa.
7.   Menawa maca pawarta dipajang, sikep pamaca kudu katon wajar, ora kaku, utawa ora sakarepe dhewe. Pandeleng ora kena mung katuju marang nasakah. Iku sabenere pamaca pawarata ing TV migunakake teleprompter, yaiku alat kang mirip TV sing isine teks pawarata. Alat iki diselehake ing ngisor kamera saengga pamaca pawarta kaya-kaya mung delengi kamera lan katon apal teks pawarta.

Parikan lan Wangsalan

Parikan yaiku unen-unen kang kedadeyan saka rong ukara, kang dhapukane kanggo purwakanthi swara utawa purwakanthi sastra. Saben saukara kadadeyan saka rong gatra, saben sagatrane isine 4 wanda utawa 8 wanda. Ukara kapisan minangka pambuka, ukara kapindho iku wose utawa isi bakune. Ing basa Indonesia parikan diarani pantun.
Tuladha:
1.    Manuk emprit, nucuk pari, dadi murid, sing taberi
2.    Wajik klethik, gula jawa, luwih becik, sing prasaja
3.    Gudheg manggar bumbune mrica ketumbar, lamun sabar, bisa lejar serta bingar
Wangsalan yaiku unen-unen meh kaya cangkriman, dene tebusane utawa batangane (jawaban) srana sinandi tegese ora blaka, ora diceplosake. Ana wangsalan padinan lan tembang.
Tuladha wangsalan padinan
1.    Janur gunung esuk-sesuk dolan mrene (janur gunung : aren (kadingaren)
2.    Sekar aren, sampun dangu-dangu (sekar/kembang aren : dangu)
3.    Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso (roning mlinjo : so)
Wangsalan kang kanggo ing tembang. Biasane kanggo sing panembrama, arane umpak-umpak. Gerongan, umpak-umpak, wangsalan diterusake tembang Kinanthi Sandhung utawi Kinanthi subakastawa.
Tuladha.
1.    Petis manis, sarining kaca benggala (4+8)
Aja ngucap yen durung dirasa-rasa (kecap rasa)
2.    Jenangsela wader kalen sasonderan (4+8)
Apuranto yen wonten lepat kawula (apu, sepat)
3.    Balung geni, kalong lit kang aneng wisma (4+8)

Dhuh pra siswa, yo sinau basa jawa (mawa/wawa, lawa)

Jumat, 04 Juli 2014

Pisuh (Pesen Sesepuh)

Wolung Prinsip Dadi Pamimpin
1.    Laku Hambeging Kisma
Maksute pamimpin kudu andhuweni rasa welas asih marang sapa wae. Kisma andhuweni teges lemah. Lemah iku ora pileh-pileh marang wong sing ngidak dheweke, tur sabar mesti gaweane dipacul, dipidak, diluku lan menawa dikei larahan malah ngawe subur tandhuran. Samono uga pamimpin, kudu siap rekasa sabab minangka aspirasine rakyat.
2.    Laku Hambeging Tirta
Pamimpin kudu andhuweni sifat kaya banyu. Banyu iki mesti rata. Pamimpin ing kahanan apa wae kudu andhuweni sifat adhil. Ora pileh-pileh anggone mutusake kaputusan. Ora kaluarga, kanca lan wong liya kudu apa anane. Adhil menawa dilakoni ing saben dinane bisa ada pancerahan. Sabab adhil iku minangka banyu kang bisa ngresiki rereget. Banyu iku ora emban oyot emban cindhe.
3.    Laku Hambeging Dahana
Pemimpin kudu tegas kaya geni kang lagi murup nanging, tegas kang adedhasar akal sehat kang dhuweni tanggung jawab. Sehingga ora dadikake karusakan lan ngawa ing kamaslahatan.
4.    Laku Hambeging Samirana
Pamimpin kudu ana jiwa teliti ing kahanan lan panggonan ngendi wae. Teliti ing kaputusan sing dijupuk supaya ora ngrugikake awak dhewe lan wong akeh tetutama rakyate.
5.    Laku Hambeging Samudra
Samudra iku amba lan bisa nampung banyu kang akeh. Samono uga pamimpin uga dhuwe jiwa pangapura kang amba kaya samudra. Lan pamimpin kudu bisa nampung aspirasine rakyate kaya samudra nampung ing banyu.
6.    Laku Hambeging Surya
Pamimpin kudu bisa dadi pepadang lan energi ing rakyate. Bisa ngeki harapan ing kauripan kang luwih apik saka dina iki lahir utawa batine.
7.     Laku Hambeging Candra
Samono uga surya, candra uga ateges pamimpin kudu bisa dadi panerang ing petenging urip nanging, sing ngademke utawa ora panas.
8.    Laku Hambeging Kartika
Pamimpin kudu ora mender. Sejatine manungsa ing jagad mesti dhuwe kelemahan lan kaluputan nanging,bisa ditutup nganggo perkara lan tumindhak kang apik. Kaya bintang ing langit. Senajan cilik lan ora sepadang tinimbang rembulan nanging akeh sing seneng.

Kawruh Basa


Ø Tembung Garba
Tembung garba yaiku tembung loro utawa luwih kang dirangkep dadi siji, kanggo ngurangi cacahing wanda (suku kata).
Tuladha:
Arane         +  iki    = araneki
Nata           + ing    = nateng
Tumeka      + ing    = tumeking
Tumuju       + ing    = tumujweng
Sira            + iku    = siraku

Ø Tembung Plutan
Tembung plutan yaiku satembung kang diringkes maneh cacahing wandane supaya luwih sithik, nanging tegese ora owah. Plutan tegese rangkep. Dipluta tegee dirangkep. Dene gunane mluta tembung mau padha karo nggarba tembung, yaiku kanggo ana ing tembang, prelune kanggo ngurangi guru wilangan yen samangsa kakean.
Kuwali        = kwali
Kuwalat      = kwalat
Kuwasa      = kwasa
Kuwatir      = kwatir
Saranta       = sranta

Ø Paribasan
Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg pangganggone mawa teges entar, nanging ora ngemu surasa pepindhan. Mulane paribasan uga kalebu tembung enta, sebab paribasan iku uga ora kena ditegesi salugune wae. Surasane ora mung salugune, ora wantah.
Tuladha      : Mungal-mungil          = ragu-ragu

Ø Bebasan
Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, nanging ngemu surasa pepindhan, dene kang dipindhakake kahanane utawa sipate wong utawa barang. Wong utawa barang katut ana ing sajroning pepindhan iku, nanging kang luwih digatekake kahanane. 
Tuladha      : mumbul-mumbul kaya tajin  = wong kang ora kena dipenging.

Selasa, 01 Juli 2014

Cerkak

Cerkak utawa cerita cerkak minangka salah sijine karya sastra kang arupa gancaran. Cerkak yaiku cerita kang wujudake cekak nyeritakake sawijine paraga (tokoh) ing saperangan uripe. Amarga cerkak minangka karya sastra, mula ing sajrone ana unsur-unsur pandhapuke kang kapantha dadi loro, yaiku unsur instrinsik dan unsur ekstrinsik.
Ø Unsur instrinsik cerkak yaiku unsur kang mbangun cerkak saka sajerone cerkak yaiku:
1.    Tema
2.    Paraga
3.    Watak
4.    Satting
5.    Sudut pandang
6.    Lelewaning basa
7.    Amanat
8.    Alut utawa plot.
Ø Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun cerkak saka sajabane cerkak kang mangaribawani ing antarane:
1.    Agama
2.    Ekonomi
3.    Sosial
4.    Pendhidhikan
5.    Budaya.
Ø Ancer-ancere cerkak yaiku:
1.    Critane cekaka
2.    Perkara kang dicritakake mung siji
3.    Cacahe paraga mung sithik
4.    Paraga kang dicritakake ora nganti owah nasibe
5.    Menawa katulis antarane telu nganti sepuluh kaca untawa kurang saka 10.000 tembung.
Ø Tuladha
Panglaris
“Anyar ya mas nang kene, aku bola bali liwat kene lagi wae ngerti ana angkringan nang papan kene?” Paimin sing lagi ndingkluk ngantuk-antuk mak jenggerat kaget. Sanajan isih sore nanging thenguk-thenguk nunggu wong tuku ora teka-teka njalari ngantuk. Dadi dheweke kaget nalika ana pawongan neng ngarep rahine lagi mangan cakar.
“Ohhhh, nggih pak, nembe seminggu wonten mriki.”
“Kok sepi ngene mas. Iki, enak tenan iki cakare. Masak dhewe iki, Mas,” pitakone karo ora leren olehe ngrumuti cakar.
“Masak piyambak, Pak.”
“Enak tenan iki mas, menawa akeh sing ngerti angkringanmu iki mesthi ramene. Cakar iki bisa dadi jalaran ngramekake angkringanmu iki.”
“Niku rak cakar biasa tha Pak, cakar pithik. Sanes panglaris. Pundi saget ndadosake kathah tiyang jajan mriki.”
“Maksudku kuwi ora ngono mas. Sinten asmane sampeyan?
“Kula, Paimin, Pak.”
“Maksudku ora ngono, Mas Min. Cakar iki enak. Aku kawit cilik seneng mangan cakar amarga mangane kudu telaten. Digrumuti siji-siji iki sikil pithik sing cilik-cilik iki. Merga sikil pithik kuwi ujude kaya oyot wit-witan, ngendikane ibuku biyen, mengko menawa wis gedhe sikilku bakal pengkuh. Kaya wit- witan kae. Janjane ora bener. Mung dhek jaman aku cilik, ibuku bisane nukokake lawuh mung sikil pithik kaya ngene iki. Kuwi sebabe aku seneng mangan cakar nganti umurku samene. Nganti aku dadi dosen saiki, isih seneng mangan cakar. Menawa arep nemu cakar lungaku menyang akringan. Ngono, Mas Min, he he he,” bapak kuwi mau cerita akeh-akeh karo guyonan. Paimin, seneng ngrungokake. Guneme bapak kuwi mau isi lan sajake wong pinter. Katon seka nyandange lan tindak tandhuke.
“Terus niku wau Pak, bab cakar sing dados panglaris niku wau. Cakare dinapakake, Pak? Napa dijur alus terus disebarke sekitar mriki napa pripun?”
“Ha ha ha ha,” bapake malah ngguyu seru. Paimin dadi bingung dhewe.
“Ora ngono, Mas Min. Menawa mangkono kuwi mau panglaris jamane simbah-simbah. Saiki wis bedha. Panglarise kudu nututi jaman,” wangsulane bapake.
“ Saiki ngene wae, Mas. Panglaris sik tak omongke kuwi mau, bakal tak jlentrehake marang Mas Min. Nanging ora sepisanan wengi iki. Tak omongke sethithik-sethitik ning lakonana. Mengko tak jamin angkringanmu rame. Piye, saguh ora?”
“Terus mangkih kula mbayar pinten, Pak? pitakone Paimin.”
“ Ha ha ha ha,” bapake ngguyu maneh. Malah tambah seru. Katon bungah atine.
“Ora perlu mbayar. Nanging sampeyan kudu manut lan saguh nglakoni.”
“Nggih pak, kula manut. Pokoke lantaran dodolan kula laris, kula manut Bapak!”
“Ya wis. Menawa sampeyan manut karo aku.”
Bapak sing sajake wong apik trus pinter iku banjur aweh pitutur marang Paimin. Jare syarate sing sepisanan kudu dilakoni Paimin, Paimin yen bakulan kudu rapi. Klambi dilebokake, nganggo sepatu. Setlikanan. Sanajan sandhangane ora apik banget ora ngapa-ngapa. Waton kabeh katon resik lan apik. Ora semrawut. Rambute kudu Klimis. Sing saiki rada dawa awul awulan kuwi dipotong ndisik. Diminyaki. Minyak murahan ora ngapa-ngapa, sing penting kena dienggo ngatur rambute.
Uwis ngono, tambah nganggo wewangen, men sing padha tuku ora semaput mambu kringet kecut. Bakul angkringan kuwi cedhak karo geni, panas, njalari kringeten. Mengko menawa sing tuku akeh, kudu mlaku rana rene. Ngeterke wedang lan liya-liyane, mengko nek ambumu kuwi ora mbetahi, sing padha tuku bisa-bisa bubar kabeh. Kabeh kuwi mau men sing padha tuku nang angkringan iki ora jijik karo bakule. Disawang kepenak lan nyenengake. Wong bakulan menawa katon kusut tur mbeyeyet, ora sumringah, njalari males wong sing arep mampir. Menawa wis kebacut mampir kapok.
Kuwi mau syarat sing sepisanan. Paimin sing kepingin mbuktekake panglarise bapake uga semangat banget. Esuke, sandhangan sing arep dienggo mengko sore, dikumbah. Awan garing banjur disetlika. Sepatune sing katon wus rada elek diresiki resik. Dilap nganggo banyu wis dirasa cukup, wong dheweke ora duwe semir sepatu. Kabeh kuwi mau dicepakake, siap dienggo mengko sore, Ngendikane bapake arep teka maneh. Arep menehi syarat panglaris liyane.
Bar magrib bapake teka maneh. Ora mung dhewekan. Bapake nggawa kanca. Wong loro. Paimin seneng wae, merga saya akeh kanca-kancane bapak kuwi sing diajak moro, berarti dodolane sansaya akeh sing payu. Paimin mesem.
Bapake teka meneng wae, langsung mangan cakar, anteng. Sajak nikmati olehe mangan. Sing ndeleng kana kene malah kancane sing loro kuwi mau. Banjur malah ngajak tetakonan marang Paimin. Suwe-suwe kok tekan anggone Paimin nyandhang. “Sampeyan bakul nyentrik, Mas. Walah-walah, lagi saiki aku ketemu karo bakul angkringan sing rapi kaya ngene, ya ora Mas No,” karo noleh kancane sing siji. Pawongan kuwi kok sajak ngoda. Paimin meneng wae. Arep wangsulan kok ora ngerti kudu wangsulan apa, kepriye. Nyandhang kaya mangkana dheweke wis krasa ora bebas. Rasane wagu, saknyatane ya apik. Mau dheweke sempat ngaca nalika liwat omah sing kacane riben. Jebul kok dheweke kuwi bagus.
“Ora, Mas, ora apa apa. Apik kok. Aku seneng ana bakul nyenengake disawang kaya sampeyan niku. Resik, apik.”
Paimin wangsulan semu mesem, niki rak kangge nampi panglaris saking Pak niku tho pak,” Paimin karo ngarahke dagune marang bapake sing lagi anteng mangan sate. Bapake meneng wae. Kancane sing pitakonan karo Paimin kuwi mau mung ngguya ngguyu, noleh marang bapake karo nepuk-nepuk pundhake.
Nalika bapake arep muleh, kancane wis mlaku ngadoh, dheweke nyedhaki Paiman. “Apik mas, seneng aku. Sampeyan wis manut. Saiki tak kandhani panglaris sawise sampeyan nglakoni sing sepisan niku.” Bapak kuwi mau banjur ngendika sethithik tapi diturut tenan karo Paimin, sebab dheweke mikir, mesthi sesuk dheweke teka maneh, tur nggawa kanca.
Wiwit sesuk, menawa Paimin dodolan, kabeh kudu resik. Panganane, uga piring lan piranti liyane.Ngendika mangkana bapake langsung lunga nyusul kanca-kancane. ”Eh mas, natane sing apik,” Wis karo mlaku, bapake isih merlokake noleh marang Paimin. Paimin mikir mbokmenawa resik kuwi mau dienggo syarat kanggo nampa panglaris, dilakoni wae dening Paimin. Sesuke, angkringane Paimin kinclong tenan. Kabeh barang resik. Ngature barang uga apik. Ora semrawut. Rada wengi, bapake teka maneh nggawa kanca. Ora suwe disusul karo kancane sing wingi, kancane kuwi mau ya nggawa kanca liya. Paimin seneng banget. Dodolane mesti cepet enthek.
Bengi kuwi bapake ngendika maneh marang Paimin. “Mas, Min, iki sesuk angkringanmu mesti bakal rame. Mas Min mesti butuh papan sing luwih jembar. Mas Min pindah wae, kae rada ngalor kana kae. Sisih kana kae lho, tembunge karo nduduhi panggon sing dikarepake. “Papan jembar kae sapunen, resikana. Sesuk, menawa dodolan karo nggawa klasa. Mengko klasane digelar. dienggo lesehan sapa-sapa sing tuku nang kene.” Bapake njelaske karepe marang Paimin.
Sawise tetembungan sing miturut Paimin aji panglaris kuwi, bapake ora langsung melu kanca-kancane. Malah ngajak Paimin…, dudu, dudu ngajak rembukan. Wong sing dingendikaake ora ajeg. Ngalor ngidul ora ana judule. Dasar Paimin, dheweke ya ngrungokake, malah bisa cerita akeh bab sabendinane lan pengalamane. Wong loro padha omong-omongan nganti suwe. “Sampeyan dasare grapyak kok, Mas Min, kuwi kudu Mas Min patrapake nang sapa wae sing tuku nang kene. Kabeh sing tuku disapa. Menawa wis kenal, menawa teka takoni kabare. Uwis, mung kuwi. Kabeh sing wis dilakoni karo Mas Min kawit tak omongi kae aja ditinggalke. Diugemi terus, saklawase bebakulan,” pituture bapake. Paimin manthuk-manthuk sinambi mesam mesem, ning ora kumecap.
“Terus kapan kula nampi panglarise, Pak?” pitakone Paimin.
Bapake sajak kaget, banjur ngguyu kepingkel-pingkel. Nanging banjur bapake ngedika,” Wis, Mas Min, wis tak turunke. Panglaris iku mau ya kabeh sing tak omongke marang Mas Min, ya kuwi kunci bebakulan.”


Geguritan

Miturut bausastra Jawa, geguritan iku karangan kang pinathok kaya tembang, ananging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune ora ajeg. Geguritan kabagi karya sastra tulis. Tembung geguritan asale saka tembung “gurit”. Gurit tegese kidung utawa tembang tulisan awujud tatahan kanthi paugeran tartamtu. Nggurit tegese ngarang tembang, kidung utawa rerepen.
Kang digatekake nalika maca geguritan yaiku:
a.    Wicara        : pocapan
b.    Wirama       : irama utawa lagu
c.    Wiraga        : solah raga, pasemon
d.   Wirasa        : pangrasa.
Geguritan kabagi loro yaiku geguritan gagrag kuna utawa lawas lan geguritan gagrag anyar.
1.    Geguritan Gagrag Kuna utawa Lawas
Tetengerane:
-          Cacahing gatrane ora ajeg, nanging sethithik papat.
-          Cacahing wanda ing gatra siji lan sijine kudu padha akehe.
-          Tibaning swara (guru lagune) kudu runtut.
-          Sangarepe geguritan, kawiwitan nganggo tembun “sun nggegurit”.
Tuladha
Sun nggegurit:
Kahanan jaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ati

Yen manut wasiting kuna
Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wusanane tibeng bapa

2.    Geguritan Gagrag Anyar
Tengerane:
-          Tembung-tembunge pilihan
-          Isine mentes
-          Cacahe gatra utawa larik ora katemtokake
-          Arang nganggo tembung salugune (denotasi)
-          Akeh nganggo tembung kiasan (konotasi)
Tuladha
Manungsa Setengah Dewa
Sapa bisa nulungi aku
Aku kang lagi dirusak awaku
Jare aku sugih ing rakyat
Nanging aku butuh siji
Sing bisa dadi dewa
Sak orane setengahing dewa
Dewa kang bisa nyipta
Aku sing makmur
Misuwur ing kasaenan
Tulung!
Tulungi aku!
Aku sing subur ing tetandur
Aku sing dhuwe bangsa kang luhur
Aku sing pulaune ora ketung
Aku sing sugih ing budaya, suku lan basa
Lamun ana
Sing bisa nulungi aku
Nata saka sirah nganti jangkah
Ing gawe tentreming kawulane
Bisa nata praja lan batin
Kang murakabi rahayuning nagari
Bakal nyana ingsung ing sira
Manungsa setenganing dewa

Tikuse Negaraku
Ngrogoti tanpa mikir
Gawe tuna ing negara
Tanpa ngrasa
Ngrebut ing haking liyan
Tanpa rikuh

Ora mikir
Apa ora dhuwe pikiran?
Ati kang tumancep ing dhadha
Apa wis atos?
Kaya ora bisa ngrasa
Atos kaya watu
Peteng kaya guwa
Mung mikir awake dhewe
Kaya ing dunya selawase

Gusti
Sambat nalika ingsun nandhang sengsara
Puji nalika ingsun nampa bebungah
Nikmat kang tumuji luwih sithik
Amarga ati kang katutp
Gebyaring dunya kang ora sapira

Lamun ingsung eling
Nikmat urip kang ora ketung
Punapa ingsung manungsa kang ina
Panggonan luput, lali lan dosa