Jinising Tembung
Tembung
miturut jenise kaperang dadi sepuluh. Tembung-tembung kasebut kaya ing ngisor
iki.
1. Tembung aran (kata benda) yaiku tembung sing nerangake sekabehe jeneng barang
utawa sing dianggep barang. Tembung aran bagi
loro, yaiku sing ketok lan ora ketok.
Tuladha: kapinteran, pikiran, kawruh, meja,
kursi, lan bolpen.
2.
Tembung kriya (kata kerja) yaiku embung sing nerangake penggawean.
Tuladha: nulis, nyapu, lan sinau.
3.
Tembung sifat (kata sifat) yaiku nerangake watak utawa sifat.
Tuladha: ayu, ganteng, lan
sugih.
4. Tembung katrangan utawa kahanan yaiku tembung kang mratelakake kahanan utawa sipat
samubarang.
Tuladha sugih, kuru,
lemu, sabar, nesu, dhuwur, lan cendhek.
5.
Tembung sesulih (kata
ganti) yaiku tembung kang dadi sesulih utawa gantine samubarang.
Tuladha: aku, kowe,
dheweke (diarani sesulih purusa/ wong/persona)
Tuladha: -ku, -mu, -e
(diarani sesulih pandarbe/pemilik)
Tuladha: sapa, apa,
pira, kapan (diarani sesulih pitakon/tanya)
Tuladha: iki, iku,
kene, kana, lsp (diarani sesulih panudhuh/tunjuk)
Tuladha: sing, kang,
ingkang (diarani sesulih panyilah)
Tuladha: sawijining,
apa-apa, sapa-sapa, saben wong, kebeh, sing sapa, salah siji (diarani sesulih sadhengah)
6.
Tembung wilangan yaiku tembung
kang mratelakake cacah.
a. Wilangan
babon utawa wutuh tuladha enol siji loro telu lan papat
b. Wilangan
susun utawa undha usuk tuladha kapisan
kapindho lan katelu.
c. Wilangan
pecahan tuladha setengah, sepertelon, lan seprapat.
7. Tembung panggandheng utawa pangiket (konjungsi) yaiku tembung kang ngiket
utawa nggandhengake tembung siji lan sijine utawa ukara siji lan sijine.
Tuladha: lan, sarta,
saha, tuwin, miwah, sarehne, sabab, nanging, utawa, dene, ewadene, amarga,
jalaran, lsp.
8. Tembung ancer-ancer (kata petunjuk) yaiku tembung kang mratelakake
panggonan utawa dunung.
Tuladha: ing, marang,
saka, lan katur.
9. Tembung panyilah utawa tetenger
(kata sandang) yaiku tembung kang nyandhangi wong utawa barang.
Tuladha: Si, Raden, Kanjeng, Paman, lsp.
10. Tembung
panyeru utawa panguwuh (kata seru utawa
interjeksi) yaiku tembung kang mratelakake panguwuh utawa sambat.
Tuladhane: adhuh, tobat-tobat, wah,
lo, lah, hemm, lsp.