Selasa, 04 April 2017

Jinising Tembung
Tembung miturut jenise kaperang dadi sepuluh. Tembung-tembung kasebut kaya ing ngisor iki.
1.     Tembung aran (kata benda) yaiku tembung sing nerangake sekabehe jeneng barang utawa sing dianggep barang. Tembung aran bagi loro, yaiku sing ketok lan ora ketok.
Tuladha: kapinteran, pikiran, kawruh, meja, kursi, lan bolpen.
2.        Tembung kriya (kata kerja) yaiku embung sing nerangake penggawean.
Tuladha: nulis, nyapu, lan sinau.
3.        Tembung sifat (kata sifat) yaiku nerangake watak utawa sifat.
Tuladha: ayu, ganteng, lan sugih.
4.  Tembung katrangan utawa kahanan yaiku tembung kang mratelakake kahanan utawa sipat samubarang.
Tuladha sugih, kuru, lemu, sabar, nesu, dhuwur, lan cendhek.
5.        Tembung sesulih (kata ganti) yaiku tembung kang dadi sesulih utawa gantine samubarang.
Tuladha: aku, kowe, dheweke (diarani sesulih purusa/ wong/persona)
Tuladha: -ku, -mu, -e (diarani sesulih pandarbe/pemilik)
Tuladha: sapa, apa, pira, kapan (diarani sesulih pitakon/tanya)
Tuladha: iki, iku, kene, kana, lsp (diarani sesulih panudhuh/tunjuk)
Tuladha: sing, kang, ingkang (diarani sesulih panyilah)
Tuladha: sawijining, apa-apa, sapa-sapa, saben wong, kebeh, sing sapa, salah siji (diarani  sesulih sadhengah)
6.        Tembung wilangan yaiku tembung kang mratelakake cacah.
a.    Wilangan babon utawa wutuh tuladha enol siji loro telu lan papat
b.    Wilangan susun utawa undha usuk  tuladha kapisan kapindho lan katelu.
c.    Wilangan pecahan tuladha setengah, sepertelon, lan seprapat.
7.  Tembung panggandheng utawa pangiket (konjungsi) yaiku tembung kang ngiket utawa nggandhengake tembung siji lan sijine utawa ukara siji lan sijine.
Tuladha: lan, sarta, saha, tuwin, miwah, sarehne, sabab, nanging, utawa, dene, ewadene, amarga, jalaran, lsp.
8.      Tembung ancer-ancer (kata petunjuk) yaiku tembung kang mratelakake panggonan utawa dunung.
Tuladha: ing, marang, saka, lan katur.
9.     Tembung panyilah utawa tetenger (kata sandang) yaiku tembung kang nyandhangi wong utawa barang.
Tuladha: Si, Raden, Kanjeng, Paman, lsp.
10.    Tembung panyeru utawa panguwuh (kata seru utawa interjeksi) yaiku tembung kang mratelakake panguwuh utawa sambat.
Tuladhane: adhuh, tobat-tobat, wah, lo, lah, hemm, lsp.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar